Waosan : Amsal 15 : 8 – 11, 24 – 33 | Pamuji : KPJ. 46 : 1,2
Nats: “Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku pamerdi kang nuntun marang kawicaksanan, lan andhap-asor iku bebukaning kajen.“ [ay. 33]
Pak A punika salah satunggaling priyantun ingkang sukses gesangipun. Gadahi ekonomi ingkang sae, pinunjul katimbang tiyang-tiyang sanes wonten ing panggenanipun. Semanten ugi gadehi gelar akademik ingkang inggil inggih menika Doktor. Mboten katah tiyang ingkang nampi berkah kados dene Pak A punika. Ananging godane tiyang ingkang sukses kados punika, asring dumawah wonten ing adigang, adigung, adiguna. Paseksen tangginipun, “Wong undangan ora diparingi gelare wae, ora gelem nekani undangan kui Pak. Lungguh kudu jaluk ngarep dewe, ngomong kudu dirungokake. Lek ora Pak A mesti duka.”
Punika salah satunggaling tuladha gesang ingkang mboten sae. Tiyang ingkang kaberkahan kathan saking Gusti Allah ananging malah mboten saged dados paseksi dumateng Gusti, malah dados reridu wonten ing paseksen gesang kita.
Wonten waosan kita niki, kita kaemutaken menawi kepingin nampeni pakormatan/kajenan wonten ing gesang kita, wonten kalih perkawis ingkang kedah kita gatosaken, inggih menika ajrih-asih dumateng Gusti Allah lan tansah andhap-asor. Menawi kita gatosaken kalih perkawis niku wau, kita mboten tamtu dados tiyang ingkang sombong lan gila hormat, ananging dados tiyyang ingkang tansah andhap asor, sarta ajrih-asih dumateng Gusti. Sae nalika kita dados tiyang ingkang sukses utawi nampeni berkahing Gusti ingkang kathah lan ugi nalika dados tiyang ingkang dereng beruntung. Ajrih-asih dateng Gusti dadosaken kita tiyang ingkang kebak ing kawicaksanan. Kawicaksanan punika ingkang dadosaken kita tiyang ingkang lembah manah, andhap-asor. Mboten sisah nyuwun tiyang sanes paring pakormatan dateng kita, mesti kita bakal nampeni pakormatan/kajen ing gesang kita sedaya.
Kanthi mekaten kita tansah saged dados paseksine Gusti ingkang sae ing gesang kita padintenan. Mugi gesang ingkang sukses mboten dadosaken kita tiyang ingkang sombong, nanging tansaha dados tiyang ingkang andhap-asor. (Syn)
“Gesang ajrih-asih dateng Gusti lan andhap-asor kunci gesang sesarengan”