Resik Atine Renungan Harian 1 November 2019

1 November 2019

Waosan : Efesus 1 : 11 – 23|    Pamuji : KPJ. 7:3
Nats:
“ Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci”. [ay. 18]

Ing jaman samangke sansaya ewet manggihaken pribadi ingkang resik ati. Kados-kados sadaya tiyang namung ngudi kangge kesenengan pribadi tanpa nggatosaken liyan. Wonten wekdal sekedik sampun dados margining tumindak ingkang boten leres. Dipun engetaken ing bab tanggeljawabipun, gampil ‘tersinggung’ boten saged nampi kanthi legawa. Punapa malih dipun welehaken bab kalepatanipun, bab tumindak awonipun, mesthi duka. Bilih ningali sedherekpun bingah awit sampun dados pinter, sugih lan nggadahi panguwasa, boten ndherek bingah malah gething lan meri. Tansah rumaos bilih berkahipun Gusti cumpen lan boten nyekapi kabetahan saben dinten, lajeng kewedan ngaturaken raos sokur wontening ngarsanipun Gusti. Lan tamtunipun taksih kathah conto sanesipun bab tumindak ingkang ala, ingkang asalipun saking manah ingkang boten becik, kang ora resik atine.

Kita para tiyang pitados dumatheng Gusti, kedah nggadahi sikap ingkang benten, awit Gusti sampun madhangi manah kita. Ingkang murugaken kita nyumerepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Pribadi ingkang manahipun kapadhangan dening Gusti Allah, mesthi boten gampil meri, gething lan kuwatos ing bab gesangipun. Awit rumaos pangajeng-ajengipun namung dumatheng Gusti. Lan Gusti Allah boten nate lan boten badhe lirwa janji badhe mitulungi dan mrangguli sadaya samukawis gesang kita. Gusti Allah mesthi badhe nyekapi lan njangkepi sadaya kabetahan kita.

Kadospundi kaliyan gesang kita? Kita lumebet ingkang pundi? Ingkang gampil gething lan meri tumramping kabingahanipun liyan? Gampil kuatir bab gesang padintenan ugi masa depan? Gampil duka bilih kaengetaken ing bab tanggeljawab gesang kita? Sumangga sami nyuwun dumatheng Gusti, supadaos kita kasagedna ngraosaken rawuhipun Gusti ingkang madhangi manah kita, ndadosaken kita resik ati. Manah kang becik murugaken laku gesang kita ugi becik. Ati kang resik, murugaken polah kita ugi resik. [Life]

“… Satemene Gusti Allah iku becik tumrap para wong kang mulus atine lan  kang resik atine.”  (Jabur 73:1)

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak