Waosan: Jabur 97 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 114
Nats: “He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala! Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan, bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka.” (Ayat 10)
Salebeting gesang kita padintenan, asring kita manggihi tumindak ala ing antawis kita. Contonipun tumindak bullying ing sekolah. Anak ingkang pinter ngala-ala dhateng anak ingkang kirang pinter. Anak ingkang sugih, gumunggung lan ngasoraken anak ingkang kirang mampu, lsp. Tumindak ala punika ugi kita panggihi ingkang gesang padintenan, kados nyolong, korupsi, mitenah, ngapusi, lsp. Tumrap sadaya tumindak ala punika, kita kedah waspada, sampun ngantos kita kenging pengaruh lan ugi tumindak ala ing gesang punika. Karana punika kita kedah nggadhah tameng kangge nangkis sadaya piala, inggih punika iman ingkang kiyat.
Juru Mazmur paring kesaksian dhateng kita, Sang Yehuwah punika minangka Raja salebeting gesang para umat. Ing kesaksianipun Juru Mazmur nyebataken mboten wonten panguwaos sanes ing alam donya punika ingkang nglangkungi panguwaosipun Pangeran Yehuwah. Sang Yehuwah punika nglangkungi mega lan pepeteng, geni lan kilat, gunung lan langit. (Ay. 2-6). Para tiyang ingkang nyembah dhateng brahala badhe wirang (Ay. 7) awit namung Sang Yehuwah kemawon ingkang Maha Luhur, ingkang mengku salumahing bumi (Ay. 9). Pungkasanipun Juru Mazmur ngajak para umat supados nresnani Sang Yehuwah sarta nyengiti marang piala! (Ay. 10). Namung Sang Yehuwah ingkang tansah setya ngreksa sarta ngluwari para umat-Ipun saking para tiyang duraka (Ay. 10).
Saking paseksi Juru Mazmur punika kita sami dipun ajak tansah nresnani Gusti lan nyengiti piala. Kados pundi caranipun? Nresnani Gusti saged kita tindakaken srana nresnani sesami ing gesang kita, wiwit saking semah, brayat, tetanggi, warga pasamuwan ugi mengsah. Nyengiti piala saged kita tindakaken srana nindakaken kabecikan, mboten damel semplahing manah tiyang sanes, sarta mboten tumindak piala wonten salebeting gesang kita. Mangga ing sasi Kespel punika, kita sami sengit marang piala! Kita tindakaken gesang punika srana remen marang katresnan, kabecikan, lan karukunan. Kanthi tumindak punika kita saged nresnani Sang Yehuwah kanthi saestu. Amin. [AR].
“Sengita marang piala, lakonana tumindak kang becik lan migunani marang sesami.”