Pandonga Nyatunggilaken Sadaya Tiyang Pancaran Air Hidup 1 Juni 2025

1 June 2025

Waosan: Yokanan 17 : 20 – 26  |  Pamuji: KPJ. 348
Nats: “Lan boten namung kangge tiyang-tiyang punika kemawon anggen Kawula ndedonga, nanging ugi kangge tiyang-tiyang ingkang pitados dhateng Kawula margi saking piwulangipun, …” (Ayat 20)

Minangka perangan warga Kratoning Allah, kita dipun timbali kangge dados seksi lan leladi. Pitakenanipun: punapa kita sampun nindakaken timbalan dados seksi lan leladi? Punapa paseksi lan peladosan kita namung winates ing lingkup GKJW lan para tiyang ingkang kita tepangi kemawon? Ing satengahing Minggu UEM (United Evangelical Mission) dinten punika, kita dipun engetaken pentingipun mangun patunggilan kaliyan greja-greja sanesipun ing salebeting dados seksi lan leladi.

Waosan kita dinten punika, Yokanan 17:20-26 dados dhasar kangge kita anggenipun paring paseksi lan leladi minangka perangan saking UEM. Lumantar waosan punika, kita saged mirsani bilih Gusti Yesus mboten namung dedonga kangge para sakabat-Ipun kemawon, ananging ugi kangge sadaya tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun. Pandonga ingkang dipun aturaken Gusti Yesus punika tumuju tumrap raketing hubungan antawis Panjenenganipun kaliyan Gusti Allah saha kaliyan para tiyang pitados. Pandonganipun punika ngatingalaken bilih Gusti Yesus ngersakaken supados para sakabat ugi nggadhahi hubungan kaliyan Gusti Allah lan sadaya tiyang pitados sanesipun. “Tetunggilan” ingkang kawangun dening Gusti Yesus lumantar pandonga punika dados visi kangge ngraketaken saben tiyang pitados anggenipun nindakaken misi saking Gusti Allah ing satengahing jagad, inggih punika dados seksi lan pelados-Ipun.

Pandonganipun Gusti Yesus punika ngiyataken kita anggen kita nindakaken timbalan minangka seksi lan pelados. Kita mboten piyambakan anggenipun nindakaken misi punika. GKJW nyatunggil kaliyan UEM, nindakaken timbalan dados seksi lan leladi ing satengahing jagad punika. Sinarengan kaliyan greja-greja sanes ingkang nyawiji wonten ing UEM, kita kaajak nindakaken misi kangge para sadherek ing nagari ingkang tebih. Nalika Gusti Yesus dedonga kangge nyatunggilaken sadaya umat ing salebeting nindakaken misinipun, kita saged ndherek makarya, leladi, lan dados seksi kanthi dedonga ugi. Dedonga kangge UEM, kangge sadaya tiyang ingkang kasingkiraken, kangge sadherek Kristen ingkang ewet mangun greja, lan sanesipun. Satemah patunggilan ingkang sampun kawujud sae punika saged damel sadaya umat sajagad ngraosaken panganthi lan rawuhipun Gusti Allah ing satengahing gesangipun. Amin. [KYP].

“Matur nuwun bab pandonga Paduka, kawula katunggilaken.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak