Kawajiban Utawi Kawilujengan Pancaran Air Hidup 31 Maret 2025

31 March 2025

Waosan: Kaimaman 23 : 26 – 41  |  Pamuji: KPJ. 80
Nats: “Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci, …” (Ayat 37a)

Undang-undang ing Indonesia kanthi teges nglarang maneka warni perjudian, kalebet judi online. Undang-undang punika kaserat ing pasal 303 Kitab Undang-undang Hukum Pidana (KUHP) ingkang ngatur bilih sinten kemawon ingkang konangan nindakaken judi saged dipun pidana kanthi paukuman pakunjaran saha denda ingkang ageng. Karana punika pamrintah Indonesia netepaken Undang-undang punika kangge mrantasi sadaya rupi lan laku perjudian punika. Ananging sanadyan Undang-undang punika sampun dipun sah, ing lapangan asring dereng saged katindakaken kanthi sae. Tindak hukum dhateng tiyang ingkang nindakaken judi punika asring mboten optimal, sae ing babagan pencegahan ngantos mrantasi para pejudi punika.

Kadosdene undang-undang ingkang nglarang tumindak judi, Sabda Pangandikanipun Gusti ing dinten punika ngrembag bab satunggal perangan saking angger-angger Toret, inggih punika bab riyadin dinten pangapura (Ibrani: Yom Kippur) lan riyadin tarub (Ibrani: Sukkot). Ing riyadin dinten pangapura, bangsa Israel dipun prentah supados siam, ngasoraken dhiri, lan mboten makarya. Salajengipun riyadin tarub dados pepeling kangge bangsa Israel bab kamardikanipun bangsa Israel. Bilih bangsa Isarel saged luwar saking Mesir punika namung karana pangreksaning Sang Yehuwah. Kekalih panghargyan punika wajib dipun tindakaken kaliyan bangsa Israel, bilih wonten ingkang nerak, badhe wonten paukuman ingkang gegirisi dhateng bangsa Israel.

Miturut iman kapitadosan tiyang Yahudi, angger-angger Toret punika suci lan keramat. Toret dados ukum ingkang ngiket lan kedah dipun tindakaken kaliyan bangsa Israel. Lajeng kados pundi asipatipun angger-angger Toret punika kangge kita minangka para pandherekipun Gusti Yesus? Kita sacara tata lair lan batin ingkang mboten gadhah gegayutan kaliyan bangsa Israel? Tamtu kita mboten gesang ing angger-angger Toret, karana kita sampun kanugrahan kawilujengan srana Rah pangorbananipun Gusti Yesus Kristus. Samangke ingkang kedah kita caosaken inggih punika kasetyan kita dhumateng Gusti. Kita kedah nindakaken disiplin karohanen. Kita ngurmati ukum lan undang-undang mboten karana ajrih kaliyan paukuman ingkang badhe kita tampi, nanging karana kita sampun nampi berkah kawilujengan saking Gusti Yesus Kristus. Sumangga kita lampahi gesang punika manut ing angger-anggeripun Gusti Yesus, inggih punika gesang srana tresna tinresnan. Amin. [YOPI].

”Kemardikan punika namung wonten ing kawilujengan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak