Tarak Pancaran Air Hidup 1 April 2025

1 April 2025

Waosan: Kaimaman 25 : 1 – 19  |  Pamuji: KPJ. 57
Nats: “Awitdene iku Taun Yobel iku suci tumrap sira; kang dadi panganira apa kang sira undhuh saka ing pategalanira.” (Ayat 12)

Wonten salebeting lampah pigesangan karohanen, punapa panjenengan nate tarak? Tarak punika wujuding laku gesang kangge ngekang hawa nepsu. Tumraping gesang karohanen, tarak punika nggadhahi teges nilaraken samukawis prekawis gesang kadonyan, kangge mbangun sesambetan ingkang langkung raket kaliyan Gusti Allah. Waosan kita dinten punika, paring pirsa prinsip tarak ing satengahing gesangipun bangsa Israel, mliginipun lumantar taun Sabat lan taun Yobel.

Nalika bangsa Israel mlebet tanah Kanaan, Gusti Allah lumantar Musa damel pranatan tumrap bangsa Israel, inggih punika netepaken taun Sabat lan taun Yobel. Pranatan punika negesaken bab pangluwaran lan panebusan. Saben taun Sabat, bangsa Israel kedah kendel, mbebasaken siti ingkang dipun garap. Tetuwuhan ingkang tuwuh saking siti punika saged dados rejeki kangge sinten kemawon ingkang mbetahaken, mboten namung kangge ingkang nggadhah siti kemawon. Bab punika dipun tindakaken pitung taun sepisan lan dipun tindakaken satunggal taun lamipun. Kalajengaken taun ingkang kawiwitan sasampunipun taun sabat ingkang kapitu, inggih punika taun kaping 50 kedah dados taun suci ingkang kasebat taun Yobel. Ing taun Yobel punika, sadaya aktifitas nandur kedah kendel rumiyen, sadaya batur nampi pangluwaran, lan sadaya siti ingkang dipun sewa kedah dipun wangsulaken dhateng ingkang gadhah. Pranatan punika mboten namung winates katetepan, ananging ugi nggadhahi makna karohanen, inggih punika nindakaken laku tarak, mboten pados kauntungan kangge dhiri pribadi, lan paring pangluwaran dhateng sadaya batur. Mekaten ugi Gusti Allah ngersakaken supados saben umat mirsani malih kawontenan manahipun anggen mangun sesambetan kaliyan Gusti Allah lan sesaminipun.

Waosan dinten punika ngemotaken kita bilih laku tarak punika dados lantaran kangge kita sansaya rumaket kaliyan Gusti Allah ing salebeting mangun patunggilan. Sami kados prinsip taun Sabat lan taun Yobel, kita dipun ajak tarak supados saged tumindak adil, andum berkah, lan tresna dhateng sesami. Swawi kita mundhut wekdal kangge laku tarak saking samukawis bab kadonyan ingkang nebihaken kita saking Gusti Allah. Satemah kita saged ngraosaken pangrimatanipun Gusti Allah lan dados lantaran berkah kangge tiyang katah ing mangsa Pra Paskah punika. Amin. [KYP].

“Taraka kanthi sidhem lan dedongaa ing Gusti!”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak