Aja Khawatir, Gusti Nganthi Kita Pancaran Air Hidup 31 Maret 2023

31 March 2023

Waosan: Ayub 13 : 13 – 19 │ Pamuji: PKJ. 144
Nats:Panjenengane bakal dadi kaslametanku, …” (Ayat 16).

Sedaya manungsa ingkang gesang wonten alam donya punika, tamtu kagungan masalah ingkang dipun adepi saben dintenipun, sae punika masalah pribadi, brayat, pasamuwan ugi lingkungan ing masyarakat. Wontenipun masalah punika asring dadosaken manungsa punika rumaos kuwatir. Kuwatir boten saged ngrampungaken masalahipun, kuwatir bilih kabetahan gesangipun boten cekap, kuwatir peladosanipun boten sae, lsp. Sejatosipun kanggenipun tiyang ingkang celak kaliyan Gusti Allah, sanadyan piyambakipun rumaos kuwatir, nanging piyambakipun boten angsal kecalan pengajeng-ajeng dhumateng Gusti. Piyambakipun kedah tetep saos sukur sarta masrahaken gesangipun dhumateng Gusti Allah.

Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken Ayub. Ayub punika gambaranipun tiyang ingkang soleh, mbangun turut, lan ajrih asih dhumateng Gusti Allah. Pramila gesangipun Ayub tansah kaberkahan. Ewoh semanten Ayub nglampahi kasangsaran ngantos raja brananipun telas, brayatipun murat marit, gesangipun rekaos sanget. Karana punika lajeng Ayub sambat dhumateng Gusti. Sacara kamanungsan, Ayub ngraosaken kuwatir. Sanajan ta piyambakipun kuwatir, nanging Ayub boten nilaraken Gusti Allah. Ing salebeting pasambatipun Ayub tetep pitados bilih Gusti Allah badhe paring pitulungan lan kaslametan kangge piyambakipun. Kados ing ayat nats kita, Ayub ngakeni, “Panjenengane bakal dadi kaslametanku.” (Ay. 16)

Ing mangsa Pra Paska punika kita sami dipun engetaken malih kados pundi anggenipun Gusti Yesus nandhang sangsara. Gusti Yesus piyambak sacara kamanungsan ugi ngraosaken kuwatir nalika badhe nandhang sangsara. Pramila Gusti Yesus dedonga nyuwun kakiyatan supados saged ngadepi kasangsaranipun punika. Saking tuladha Ayub lan Gusti Yesus punika, mangga kita sami sinau, bilih raos kuwatir ing manah kita punika saged nglunturaken kapitadosan kita dhumateng Gusti Allah. Karana punika, mangga kita sami dedonga nyuwun kakiyatan lan pitulungan saking Gusti, sampun ngantos kita kuwatir anggenipun ngadepi gesang punika. Kita pitados bilih Gusti Yesus ingkang dados Juru Wilujeng tansah paring kakiyatan lan pitulungan kangge kita, saengga kita saged kiyat lan tatag ngadepi mawerni-wernining masalah kita. Sampun ngantos kita kuwatir nanging mangga tansah pitados Gusti nganthi kita. Amin. [AR].

“Aja kuwatir bab uripmu, peksi ing angkasa ana sing ngrumati, luwih maneh uripmu.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak