Waosan: Markus 10 : 32 – 43 ǀ Pamuji: KPJ. 339
Nats: “Sing sapa kepingin dadi gedhe ana ing antaramu, iku dadia paladenmu, … ” (Ayat 43b)
“Wah… jan ora setia kawan blas, mung mikir awake dhewe tok” mbok menawi punika ingkang wonten ing batos para sakabatipun Gusti Yesus nalika sumerap bilih Yakobus lan Yokanan wantun nyuwun kalenggahan ing sisih kiwa lan tengenipun Gusti Yesus, menawi mangke Gusti Yesus sampun jumeneng raja minangka Sang Mesih. Para sakabat sanesipun sami nesu dhateng Yakobus lan Yokanan awit para sakabat sanesipun ugi kagungan kepinginan ingkang sami, nggih punika saged pikantuk kalenggahan ingkang sae minangka pandherekipun Gusti Yesus. Menawi pancen bab punika ingkang dados jalaran nesunipun para sakabat dhateng Yakobus lan Yokanan, kedahipun para sakabat malah matur nuwun dhateng Yakobus lan Yokanan, awit sampun wantun nyuwun kalengahan. Ing salajengipun Gusti Yesus ngleresaken pamanggihipun para sakabat ingkang klentu, bilih nderek Gusti Yesus punika sanes prekawis rebutan kalenggahan.
Wonten ing satengah-tengah raos ajrih lan bingungipun para sakabat bab punapa ingkang dados karsanipun Gusti Yesus nalika tumuju dhateng Yerusalem, Gusti Yesus paring piwucal supados sadaya pandherekipun sampun ngantos dados panggedhe utawi pangarep ingkang namung nengenaken dhirinipun piyambak, punapa malih dados jalaran sisahipun tiyang sanes. Nanging sageda menawi dados pangarep kedah sinau rumiyin dados palados. Mila nalika tiyang sampun rumaos celak kagungan sesambetan kaliyan Gusti Yesus, raos manah dados palados lan tresna dhateng sesami kedah langkung tumanen wonten ing batosipun.
Panderekipun Gusti Yesus ing gesang saben dinten punika macem-macem. Sawetawis wonten ingkang kados “batur” ingkang ngladosi Gustinipun kanthi raos ajrih. Sawetawis sanesipun wonten ingkang kados “buruh” ingkang ngladosi Gustinipun kanthi dasar supados angsal upah utawi ganjaran. Nanging ugi wonten panderekipun Gusti ingkang kados “para putra” ingkang ngladosi lan nresnani Gustinipun awit sampun nampi katresnan saking Bapanipun. Menawi kita saestu kepingin nderek Gusti, kita kedah langkung rumiyin sinau dados palados, sampun ngantos namung nengenaken dhiri kita piyambak. Mangga kita purun nresnani sesami kanthi andhap asor ing pundi kemawon Gusti mapanaken kita, sae wonten ing gesang bebrayatan, pandamelan, lan paladosan. Amin. [M@ul].
“Pemimpin ora lair mung soko ijasah, nanging saka sekene makarya lan katresnan ingkang terus kaasah”