Waosan: Yesaya 25 : 6 – 10a | Pamuji: KPJ. 315 : 1, 3
Nats: “Iki sanyata Gusti Allah kita, kang kita anti-anti, supaya kita kaganjar slamet. Iya iki Sang Yehuwah kang kita anti-anti; ayo kita padha surak-surak lan suka-suka marga pangluwaran kang kaparingake!” (Ayat 9)
Nalika katekisasi manten, bapa Pendita atur pitakenan dhateng calon manten, “Apa tujuan samean kepengin sesemahan?” Calon manten mangsuli, “Kula kepengin bingah pak ndita, awit kula sampun pikantuk calon ingkang kula tresnani.” “Bingah kaya apa sing samean karepke?” aturipun pak pendita. “Inggih bingah lair batin, sedaya tansah kacekapan sarta tebih saking pasulayan ing brayat mangke.” Wangsulan calon manten punika, mbok menawi ugi dados wangsulan kita nalika katekisasi manten, kepengin ngraosaken bingah lair lan batin nalika sampun gesang bebrayatan. Nanging nyatanipun gesang bebrayatan punika kebak ing panggodha, tantangan, ugi bilai ingkang kedah dipun adhepi. Gesang bebrayatan punika mboten namung ngraosaken bingah kemawon nanging ugi ngraosaken sisah, rekaos, lan sangsara. Mila nalika daup suci, bapa/ibu pendita tansah ngengetaken supados brayat enggal punika tansah rumaket kaliyan Gusti sarta ndadosaken Gusti Yesus minangka Sirahing Brayat.
Waosan kita dinten punika nyariosaken prajanjinipun Gusti Allah dhateng bangsa Yehuda bilih Gusti Allah badhe ngluwari bangsa Yehuda saking paukuman. Kacariyosaken nalika jamanipun nabi Yesaya, bangsa Yehuda dipun ukum Gusti Allah, dipun bucal ing Babil. Paukuman punika karana bangsa Yehuda tumindak dosa lan mboten setya dhumateng Gusti. Lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah prajanji badhe mulihaken bangsa Yehuda. Para umat ingkang waunipun kecalan pangajeng-ajeng, sapunika pikantuk pangajeng-ajeng enggal sarta janji kawilujengan saking Gusti. Bangsa Yehuda ingkang sampun dangu anggenipun nganti-anti pangluwaran saha kawilujengan saking Gusti, sapunika kebak pamuji sokur lan surak-surak awit saking kawilujengan saking Gusti punika.
Kados dene bangsa Yehuda ingkang kebak ing pamuji sokur lan surak-surak dhumateng Gusti Allah, mekaten ugi kawontenan brayat ingkang raket lan nunggil kaliyan Gusti. Timbalan kangge kita ing wulan brayat punika, dados brayat ingkang mbangun turut Gusti. Tegesipun kita purun nindakaken sarta netepi punapa ingkang dados angger-anggeripun Gusti. Bilih kita nandhang karibetan ing satengahing gesang brayat kita, sumangga kita marek sowan dhumateng Gusti. Kita nyuwun kakiyatan saha pitulungan saking Gusti, supados brayat kita mboten semplah ananging tetap setya mbangun turut Gusti. Amin. [AR].
“Kabingahan sejati punika badhe karaosaken bilih brayat kita mbangun turut Gusti.”