Waosan: 1 Korintus 11 : 17 – 22 | Pamuji: KPJ. 348
Nats: “Manawa kowe padha masamuwan, iku ora nedya mangan bujanane Gusti.” (Ayat 20)
Ing jaman kula taksih alit, pangabekti patuwen punika dipun wastani kumpulan. Kumpulan punika sampun dados budaya utawi ciri khas GKJW. Biasanipun ingkang rawuh ing patuwen punika langkung kathah tinimbang pangabekti Minggu. Sedaya anggota brayat wiwit balita ngantos adi yuswa sami rawuh. Ing pangabekti patuwen punika langkung kathah ingkang rawuh awit pangabekti patuwen punika pancen ngremenaken, luwes, wekdalipun mboten dangu, agemanipun santai, tata panembahipun cekak aos, saged wawan rembag, lan wonten daharanipun. Daharan lan unjukan ing pangabekti patuwen sampun dados tradisi, ananging manawi salah pangertosan, saged dados dredah lan nuwuhaken crah ing pasamuwan. Mboten ngrembag sabda pangandikanipun Gusti ananging ngrembag bab tetedhan. Sedaya punika mboten dados berkah nanging malah dados masalah.
Kados dene ing waosan kita, 1 Korintus 11:17-22. Ing pasamuwan Korintus, bab dahar lan unjukan nalika kumpulan sampun dados padatan, ananging sansaya dangu bab punika dados dredah lan pasulayan, awit dahar lan unjukan dados bab ingkang utami tinimbang nggegilut Pangandikanipun Gusti (Ay. 20). Kamangka kumpulan punika sejatosipun sarana kagem mbangun iman kapitadosan, saged nuweni kawontenaning brayat ingkang dipun panggeni, ngrembag bab-bab ingkang dados pambengan ing pigesangan, tukar pikiran, tukar pengalaman, lan saged nggegilut sabda pangandikanipun Gusti langkung lebet. Ing patuwen punika kita nggegilut sabda pangandika kanthi cara PA (Pendalaman Alkitab), sarasehan, PD (Persekutuan Doa). Wosipun ingkang utami tetep bujananipun Gusti.
Kitab Suci punika “pangandika” saking tembung pangan lan ndika, dharanan menggahing karohanen kita. Supados karohanen kita sehat lan kiyat, kita kedah maos lan nggegilut sabda pangandika (Kitab Suci) saben dinten. Mboten cekap saben Minggu lan Kemis kemawon. Pramila sumangga kita mbudidaya gesang karohanen kita supados sehat. Manawi sacara kajasmanen kita dahar sedinten kaping tiga, sacara karohanen kita dahar minimal sedinten sepisan, sarana maos Kitab Suci lan ndedoga kanthi khusus. Sukur manawi punika dipun lampahi sesarengan kaliyan sedaya anggota brayat, ing pundi kita ngawontenaken kumpulan brayat alit ing dalem kita piyambak-piyambak. Sumangga kita sami kumpulan. Gusti mberkahi kita. Amin. [SW].
”Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.” (Mat. 6:33).