Bacaan : Pangentasan 24 : 1-11 │ Pamuji : KPJ 435
Nats: “Sadaya pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken sadaya.” (ayat 3b)
“Aja mlayu! Engko tiba!” pituturipun Ibu menawi kula dolanan mlajeng-mlajeng kalian rencang-rencang nalika alit. Karana rencang kula sedaya jaler, kula dados lare ingkang boten saged mendel. Langkung remen dolanan mobil-mobilan utawi layangan tinimbang masak-masakan. Ibu asring ngomel. Nanging boten kula pirengaken. Menawi sampun dhawah, nembe kula ‘kapok’. Saya dangu, pungkasanipun kula malah ajrih menawi ibu sampun ngendika. Ajrih menawi sedaya pitutur punika nyata kula alami.
Rupinipun raos ajrih kula punika leres. Menawi kula manut kalian pitutur Ibu, kula boten ngantos dhawah. Ibu pirsa sanget menapa mawon ingkang dipun alami putra-putrinipun. Ingkang dados pitutur punika sanes larangan ananging arahan supados putra-putrinipun nindakaken kasaenan.
Pigesangan kita wonten ing kapitadosan punika sami kaliyan bocah ingkang taksih remen mlajeng. Dolanan kalian hawa nepsu donya. Remen nindakaken dosa. Boten mirengaken dhawuhipun Gusti. Menawi kita dhawah, nembe bengok nyuwun pitulungan saking Gusti. Ananging sedaya ingkang kita tindakaken punika boten dadosaken Gusti tebih saking kita. Gusti tetep nampi kita sedaya, paring pangapunten ugi ngrimati kanthi kebak katresnan.
Menawi kita boten purun dhawah wonten ing iman, kedahipun sabdanipun Gusti ingkang sampun kita tampi, kita pirengaken lan kita mangertosi. Boten namung dados ajaran kemawon. Ibaratipun ilmu kedah dipun terapaken wonten ing pigesangan.
Sabda Gusti punika‘petunjuk arah’ supados lampah kita ing donya boten kesasar. Pramila, kita kedah ngupados nindakaken sedaya pangandikanipun Gusti sinaosa tantanganipun kathah sanget.Gusti sampun paring janji dhumateng kita, bilih panjenenganipun tansah nuntun, ngrimati ugi nyekapi kabetahan kita. Kita namung dipun suwun supados ‘manut’ kalian pangandikanipun. Awit Gusti boten negakaken umatipun ingkang purun pitados dhumateng pangandikanipun Gusti.[Vie]
“Rungakna pangandikanipun Gusti lan lakonana, aja mung padha semaya!”