Mulihaken Kahanan Lingkungan Pancaran Air Hidup 31 Januari 2024

31 January 2024

Waosan: Yeremia 29 : 1 – 14 | Pamuji: KPJ. 448
Nats: “… lan Ingsun bakal mulihake kaananira lan ngempalake sira saka antarane para bangsa lan saka sadhengaha panggonan anggoningSun mbuyarake sira, … lan Ingsun bakal ngulihake sira menyang ing panggonan, saka nggoningSun mbucal sira.” (Ayat 14)

Punapa ingkang panjenengan pikiraken nalika mireng tembung ‘resek’? Mbok bilih kathah ingkang badhe mastani resek punika barang ingkang mboten wonten ginapun malih. Barang ingkang sampun dipun bucal lan mboten wonten reginipun. Nanging kanggenipun para pemulung, resek punika kagungan regi lan wonten gunanipun. Mila ing Tempat Pembuangan Akhir (TPA), kathah pemulung ingkang nyambut damel pados resek ingkang taksih saged dipun olah lan dipun sade ngasilaken arta. Mekaten ing proses daur ulang, resek ingkang waunipun mboten kagungan regi lan guna punika dipun olah dados barang ingkang wonten regi lan gunanipun.

Kala semanten bangsa Yehuda dipun ukum Gusti Allah, dipun bucal ing Babel. Kawontenan ingkang kados punika ndadosaken bangsa Yehuda nandhang kasangsaran lan kaprihatosan. Sedaya ingkang dipun alami bangsa Yehuda punika minangka ganjaran awit bangsa Yehuda mboten setya dhumateng Gusti Allah. Ing ngriku, Gusti Allah ngutus nabi Yeremia kangge ngaturaken pameca ingkang isinipun bangsa Yehuda badhe netep ing Babel sadangunipun pitung dasa taun (Ay. 8-10). Yeremia ngatag bangsa Yehuda supados saged nampi rancanganipun Gusti Allah punika lan pitados bilih rancanganipun Gusti Allah punika rancangan ingkang nuwuhaken tentrem rahayu sanes rancangan kacilakan (Ay. 11). Srana purun nampi rancanganipun Gusti Allah punika, bangsa Yehuda katuntun ing pamratobat lan ing salajengipun saged ngraosaken sih rahmat lan kawilujengan saking Gusti Allah piyambak (Ay. 12-13). Pungkasanipun Gusti Allah kersa mulihaken kahananipun bangsa Yehuda.

Ing wulan tumitahing jagad punika, kita dipun ajak ningali kahanan lingkungan ing sakiwa tengen kita. Nyata bilih kahanan lingkungan kita punika kathah ingkang risak, kados lepen ingkang kenging limbah pabrik, sumber toya kathah ingkang asat, resek ingkang sangsaya kathah, lsp. Awit saking punika kita dipun timbali kangge mulihaken kahanan lingkungan ing sakiwa tengen kita. Kita wiwiti saking prekawis ingkang alit, kados milah lan milih resek ingkang taksih saged dipun olah. Mangga kita sami ngupaya kangge pulihipun lingkungan kita. Amin. [AR].

“Gusti Allah karsa mulihaken umat-Ipun, kita ugi sedya mulihaken kahanan lingkungan kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak