Kamardikan Kang Migunani Pancaran Air Hidup 1 Februari 2024

1 February 2024

Waosan: Galati 5 : 2 – 15 | Pamuji: KPJ. 351
Nats: “Para sadulur, kowe wus padha katimbalan, supaya mardika, nanging aja nganti kowe migunakake kamardikan iku dadi dhadhakan tumrap uriping daging, nanging padha laden-linadenana srana katresnan.(Ayat 13)

Wonten satunggaling unen-unen, bilih ndandani punapa ingkang sampun risak punika langkung awrat tinimbang miwiti kanthi sedaya perangan ingkang enggal. Nanging, kasunyatanipun sanajan ta awrat taksih wonten mawon tiyang ingkang sengkut makarya kangge ngrimati lan ndandani punapa ingkang risak punika. Pangajeng-ajengipun supados sedaya punika sageda kapulihna, amargi mboten sedaya ingkang risak saged dipun gantos kaliyan tatanan ingkang enggal kanthi gampil, kadosdene jagad raya punika. Ing wekdal samangke, tamtu kita sampun nyumerepi bilih jagad raya punika nandhang maneka werna karisakan. Karisakan punika dipun jalari saking maneka werna babagan, contonipun gaya hidup instant ingkang dipun lampahi dening manungsa utawi pengelolaan sumber daya alam ingkang kirang wicaksana.

Lumantar waosan kita ing dinten punika, Rasul Paulus paring pepenget tumrap kita sami bilih kita sampun nampi timbalan supados mardika. Ingkang sapisan, kamardikan punika katampi lumantar pangruwat saking Gusti Yesus Kristus. Salajengipun kamardikan punika saged dipun wastani kasempatan kangge nemtokaken punapa ingkang badhe kita lampahi, punapa ingkang badhe kita piji, lan kadospundi tindak tanduk kita ing satengahing gesang sesarengan kaliyan sedaya titah? Rasul Paulus paring piweling, supados kamardikan punika sageda kaginakaken kanthi sae lan kebak kawicaksanan, satemah punapa ingkang badhe kita ayahi sageda dados wujuding katresnan sarta migunani kangge sesami lan sedaya titah. Lajeng kados pundi kaliyan gesang kita?

Sapunika kita sami miwiti wulan tumitahing jagad. Ing salebeting wulan tumitahing jagad punika kita sami nampi timbalan kangge makarya, ngrimati, sarta ndandani jagad raya lumantar sedaya titah, satemah punapa ingkang risak sageda kapulihaken. Sumangga timbalan punika kita sambeti kanthi sukarena lan sumangga kita migunakaken kamardikan punika kanthi manah ingkang kebak kawicaksanan, satemah kita saged miji maneka werna pakaryan sarta prekawis ingkang migunani kangge alam lingkungan ing sakiwa tengen kita lan sedaya titah. Gusti tansah paring kakiyatan lan kawicaksanan dhateng kita kangge nindakaken pakaryan-Ipun tumrap jagad raya punika. Amin. [xie].

 “Kita ingkang mardika, kita ingkang makarya.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak