Gusti kang Ngrimati Pancaran Air Hidup 31 Januari 2022

31 January 2022

Waosan: 1 Para Raja 17 : 7 – 16 ǀ Pamuji : KPJ. 189
Nats:
“Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Glepung ing wadhah iku ora bakal entek sarta lenga ing guci iku uga ora bakal suda, nganti wus tekan ing titi mangsane Sang Yehuwah paring udan ana ing bumi.” (Ayat 14).

Ing kutha Malang wonten kotak kaca ingkang dipun isi sekul bungkus gratis kangge sinten kemawon ingkang betahaken. Kotak kaca punika dipun salap wonten papan ingkang saged dipun tingali tiyang katah, biasanipun wonten pinggir prapatan margi. Sintena kemawon saged nyalap sekul bungkus punika wonten kotak kaca punika. Mekaten ugi sintena kemawon ingkang mbetahaken tetedhan saged mendhet sekul bungkus punika kangge nedha piyambakipun. Pancen kotak kaca punika dipun damel kanthi tujuan supados tiyang saged andum berkah kangge tiyang sanes ingkang kekirangan lan kanggenipun tiyang ingkang mbetahaken tetedhan saged kacekapan.

Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken nabi Elia nalika tindak ing Sarfat. Kawontenan nalika semanten saestu prihatos sanget, amargi boten wonten jawah lan lepenipun asat. Nabi Elia dipun utus Gusti Allah tindak ing Sarfat, manggihi randha ingkang badhe paring tetedhan dhateng piyambakipun. Sak sampunipun kepanggih, nabi Elia lajeng nyuwun toyo kangge unjukan lan roti kangge tedhanipun. Randha punika matur bilih glepung lan lisah ingkang badhe dipun damel roti kantun sekedhik lan namung cekap kangge piyambakipun lan anakipun. Nanging randha punika manut dhateng pangandikanipun nabi Elia supados boten kuwatos awit Gusti Allah badhe makarya, nyekapi, lan ngrimati gesangipun. Pungkasanipun randha punika, ndamelaken roti kangge Elia, salajengipun glepung ing wadhah lan lenga ing guci boten suda, piyambakipun lan anakipun saged nedha. Saestu Gusti Allah tansah ngrimati umat-Ipun.

Bilih Gusti Allah makarya ngrimati dhateng randha Sarfat, Gusti Allah ugi makarya ngrimati gesang kita. Mungkasi wulan Penciptaan punika, kita dipun ajak sami gatosaken bab pakaryan lan pangrimatan-Ipun Gusti Allah dhateng kita. Ing kawontenan alam donya ingkang ngadepi pagebluk Covid-19 punika, mangga kita purun andum berkah kangge sesami kita. Kita tansah ngiyataken sederek-sederek kita ingkang sakit. Kita ugi ndedonga, nyuwun pitulungan lan kawilujengan, supados Gusti Allah tansah nunggil lan ngrimati gesang kita. Amin. [AR].

 “Manut lan pracaya kemawon, Gusti Allah tansah nulungi lan ngrimati gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak