Kaparingan Kanugrahan Ageng Renungan Harian 31 Januari 2021

31 January 2021

Waosan : Markus 1 : 21 – 28 | Pamuji : KPJ. 136 : 1, 2
Nats:
Paduka tumut-tumut punapa kaliyan kawula, dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangertos Paduka punika sinten : Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.” (Ay. 24)

Saupami, satunggaling wekdal panjenengan dumadakan nampi rejeki ingkang ageng arupi mobil utawi griya enggal saking bank. Kados pundi raos manah panjenengan? Tamtu remen lan bingah sanget. Saged ugi kita kaget lan sumlengeren nampi kabingahan punika.

Mekaten ugi waosan kita ing wekdal punika, nyariosaken bilih kutha Kapernaum nampeni kanugrahan ageng saking Gusti. Kutha Kapernaum satunggaling kutha ing sapinggiring segara ing laladan tanah Zebulon lan Naftali ing Galilea. Nalika Gusti Yesus sumingkir ngantos kutha Kapernaum amargi mireng bilih Yokanan Pambaptis kacepeng lan kinunjara. Ing ngriku Gusti Yesus memucal kanthi panguwaos ingkang ageng. Boten namung memucal bab pawartos rahayu ingkang bingahaken, ananging ugi paring pitulungan dhateng tiyang ingkang kapanjingan dhemit. Kanthi panguwaos lan kasucen saking Gusti Yesus, dhemit punika boten kiyat lan nguwuh-uwuh klayan swara sora. “Dhuh Gusti Yesus saking Nasaret? Rawuh Paduka punapa badhe nyirnakaken kawula? Kawula mangertos Paduka punika sinten : Ingkang asipat suci, kagunganipun Allah.” Sanalika Gusti Yesus ndukani dhemit supados medhal saking tiyang punika. Selajengipun tiyang punika pikantuk kesarasan lan waluya jati, satemah ndherek Gusti Yesus.

Kanthi dhawuh pangandika ing wekdal punika, kita pikantuk piwucal bilih Gusti Yesus punika Gusti ingkang kebak sih katresnan lan panguwaos. Katresnanipun tansah sumrambah dhateng kita sedaya. Punika ingkang saged dados kekiyatan iman kapitadosan kita, anggen kita gesang. Wonten ingkang saged kita tindakaken, mangga kita enget lan setya tuhu dhateng Gusti Yesus. Senaosa gesang ing donya punika kebak reribet lan perkawis ingkang awrat, wonten Gusti Yesus ingkang tansah nresnani lan paring pitulungan dhateng kita sedaya. Senaosa kita punika sekeng lan ringkih, wonten panguwaosipun Gusti Yesus ingkang ngiyataken gesang kita. Sumangga, kita sansaya rumaket lan pitados ing Gusti Yesus, karana kita badhe nampeni kanugrahan ageng. (KJ)

 “Katresnanipun Gusti Yesus ageng tumrap para umatipun”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak