Sang Pepadhang Gesang Pancaran Air Hidup 31 Desember 2024

31 December 2024

Waosan: Yokanan 8 : 12 – 19  |  Pamuji: KPJ. 245
Nats: “Gusti Yesus paring dhawuh maneh marang wong akeh: “Aku iki pepadhanging jagad: sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.” (Ayat 12)

Dinten punika dinten ingkang pungkasan ing taun 2024. Mangga kita sami niti priksa malih lampah gesang kita setunggal taun punika, “Punapa rancangan gesang kita sampun kawujud? Punapa brayat kita sami wilujeng? Punapa pandamelan kita sami lancar?” Tamtu kita sadaya nggadhah rancangan ingkang sae ing taun 2024 punika nanging dereng tamtu rancangan kita punika kalampahan kanthi sae. Wonten tantangan, pacoben ugi masalah ingkang dadosaken rancangan kita punika mboten saged kalampahan. Mekaten ugi setunggal taun punika kita ngraosaken mawerni-werni perasaan, bingah-sisah, bangga-kuciwa, kasil-gagal, lsp. Ing sadengahing prastawa ingkang sampun kita alami, kita kedah tetap enget bilih Gusti Allah setya nunggil lan nganthi gesang kita.

Waosan kita wekdal punika nyariosaken piwucalipun Gusti Yesus dhateng para sakabat lan tiyang kathah ingkang sami mirengaken Panjenenganipun. Ing ngriki, Gusti Yesus nedahaken jati dhirin-Ipun minangka Pepadhanging Jagad. Gusti Yesus ngendika, “Aku iki pepadhanging jagad: sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip.” (Ay. 12). Saking nats punika Gusti Yesus ngersakaken dhateng sadaya pandherekipun supados gesang ing pepadhang, inggih punika gesang ingkang mbangun turut lan setya dhumateng Gusti Yesus. Sampun ngantos para pandherekipun Gusti Yesus gesang ing pepeteng, inggih punika gesang ingkang namung nguja hawa nepsu lan tumindak dosa. Karana punika para pandherekipun Gusti Yesus kedah mandeng lan nuladha Gusti Yesus kemawon. Awit srana mandeng lan nuladha Gusti Yesus, para pandherek punika tansah katuntun ing kawilujengan.

Mungkasi taun 2024 punika, mangga kita tansah mandeng lan nuladha Gusti Yesus. Kita pasrahaken sadaya ingkang sampun kita tindakaken ing taun punika wonten asta-Nipun Gusti. Mekaten kita ngarahaken manah lan gesang kita, mapak warsa enggal 2025 kanthi pitados bilih Gusti Yesus setya nuntun lan madhangi manah lan gesang kita. Sampun ngantos kita ajrih lan kuwatos bab mangsa ngajeng, nanging mangga kita pasrahaken sadaya ingkang kita lampahi namung ing panguwaosipun Gusti. Saestu Gusti Yesus Sang Pepadhanging Jagad tansah madhangi lampah gesang kita ing ngajeng. Amin. [AR].

“Pasrah lan pracayaa, Gusti Yesus nganthi lan mberkahi gesang kita.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak