Waosan: Mateus 25 : 31 – 46 | Pamuji: KPJ. 136
Nats: “… , dene wong kang mursid iku bakal lumebu ing urip langgeng.” (Ayat 46b)
Warsa enggal miturut sawetawis tiyang, punika prastawa ingkang limrah, mboten wonten bentenipun kaliyan dinten enggal utawi sasi enggal. Mboten wonten ingkang enggal kajawi kalender lan buku agenda ingkang kedah gantos. Nanging kangge sawetawis tiyang, warsa enggal punika dipun wastani prastawa ingkang mligi kangge nglampahi refleksi lan resolusi. Lumebet ing warsa enggal, kangge sawetawis tiyang kados dene pikantuk semangat enggal kangge nggayuh mangsa ngajeng ingkang langkung prayogi kangge pribadi lan ugi sesami. Menawi kita gatosaken kawontenan sakmangke, manungsa tansaya egois lan pados slametipun piyambak. Tamtunipun sesambetan klayan bab punika, prilaku ingkang awon tansaya ketingal lan wusananipun kathah tiyang ingkang mboten saged ngraosaken tentrem rahayu. Minangka pandherekipun Gusti, kita sadaya katimbalan mujudaken tentrem rahayu ing satengahing gesang.
Mateus 25:31-46 nyariosaken bilih ing titi wancinipun mangke Gusti Yesus badhe ngadili lan nyuwun tanggel jawab manungsa tumrap sadaya ingkang sampun dipun lampahi, mliginipun tumrap sesami ingkang asor piyambak. Tiyang ingkang asor punika tamtu wonten ing salebeting gesangipun awis ngraosaken tentrem rahayu. Mila minangka pandherekipun Gusti Yesus, kita kedah peduli, bilih wonten ssesami ingkang kerapan kedah kita caosi dhahar, nalika kasatan kedah kita caosi unjukan, nalika lelana kedah kita caosi pelereban, nalika kelukaran kedah kita caosi ageman, nalika gerah kedah kita tiliki, nalika kinunjara kedah kita sowani. Kanthi mekaten sedherek kita ingkang asor punika saged ngraosaken tentrem rahayu. Mboten namung sedherek kita kemawon ingkang ngraosaken tentrem rahayu, nanging ugi kita, awit Gusti Yesus dhawuh: “Satemene pituturingSun marang sira, samubarang kabeh kang ora sira tindakake kanggo salah sawijining wong kang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakake kagem Ingsun. Wasana wong-wong iku bakal lumebu ing siksa langgeng, dene wong kang mursid iku bakal lumebu ing urip langgeng.”
Adedasar dhawuhipun Gusti punika, sumangga ing warsa enggal punika kita mbangun tekad lan semangat ingkang ageng kangge mujudaken kasaenan ing sadengah gesang kita. Sumangga kita dados pandherekipun Gusti ingkang peduli, mboten kamitegan, lan purun andum berkah dhateng sesami, mliginipun dhateng sedherek kita ingkang asor piyambak. Kanthi mekaten tentrem rahayu tansah kita raosaken sesarengan. Amin. [YHS].
“Memayu hayuning bawana, ambrasta dur hangkara.”