Sihing Gusti Tanpa Wekasan Pancaran Air Hidup 31 Desember 2023

31 December 2023

Waosan: Lukas 2 : 21 – 40 | Pamuji: KPJ. 133 : 1, 2
Nats: “Dhuh, Pangeran, sapunika Paduka marengaken kawula kesah kalayan tentrem rahayu, miturut pangandika Paduka, …” (Ayat 29)

Dinten punika dinten pungkasan ing taun 2023. Kados pundi raosing manah panjenengan ing pungkasan taun punika? Punapa bingah? Punapa sisah? Kados pundi kaliyan rancangan lan pakaryan panjenengan ing taun punika? Punapa saged kalaksanan? Punapa boten? Pangajeng-ajeng kita, taun 2023 punika dados taun ingkang nuwuhaken kabingahan lan kalancaran ing sadaya kahanan kita, sae ing brayat, ing pandamelan, ugi ing paladosan kita. Nanging pangajeng-ajeng kita punika asring benten kaliyan kasunyatan ingkang kita adhepi. Kathah prekawis gesang lan kahanan ingkang dadosaken kita sisah, semplah, lan was sumelang. Karana punika ing pungkasan taun 2023, mangga kita sami niti priksa bilih Gusti Allah tansah nganthi lan nulungi kita ing sadengah kahanan punapa kemawon, awit sihing Gusti tanpa wekasan.

Simeon lan Hana punika dipun sebat tiyang mursid. Kekalihipun tansah ngabekti dhumateng Gusti Allah, sarta setya netepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Kacariosaken Simeon nampi wangsit dening Sang Roh Suci, bilih piyambakipun boten badhe seda saderengipun ningali Sang Kristus (Ay. 26). Nalika Simeon pinanggih Sang Timur, piyambakipun saestu bingah lan memuji dhumateng Gusti. Mekaten ugi Hana ingkang pinanggih Sang Timur, piyambakipun ngraosaken kabingahan ageng lajeng nyariosaken bab Sang Timur dhateng sakathahing tiyang ingkang wonten Yerusalem. Simeon lan Hana punika dados tuladha kangge kita, kados pundi anggen kita setya ngabekti dhumateng Gusti. Pepanggihan kaliyan Sang Timur nuwuhaken kabingahan lan pamuji sokur dhumateng Gusti.

Paseksi Simeon lan Hana punika nedahaken bilih sih rahmat lan sih katresnanipun Gusti dhateng manungsa punika nyata. Ing pungkasan taun punika, mangga kita sinau saking Simeon lan Hana, ngantos yuswanipun ingkang sepuh, tansah ngabekti lan setya dhumateng Gusti. Kita pancen boten mangertos punapa ingkang badhe kelampahan ing taun ngajeng, nanging kita pitados bilih sih rahmat lan sih katresnanipun Gusti tansah nunggil kita. Mangga kita pasrahaken gesang kita ing asta-Nipun Gusti, kita nyuwun kakiyatan dan berkah dhumateng Gusti, awit kita pitados sihing Gusti dhateng kita punika tanpa wekasan. Amin. [AR].

“Pracayaa lan pasrah mring Allah Makwasa, salir prihatinira tamtu enggal sirna.” (KPJ. 133)

Renungan Harian

Renungan Harian Anak