Wekdalipun Para Manungsa Pancaran Air Hidup 1 Januari 2024

1 January 2024

Waosan: Kohelet 3 : 1 – 13 | Pamuji: KPJ. 65
Nats: Dene saben wong bisa mangan, ngombe lan ngrasakake kasenengan ing sajroning kangelane kabeh, iku uga peparinge Gusti Allah.(Ayat 13)

Ing wekdal samangke gesangipun para manungsa punika karaosaken laju sanget lampahipun, satemah wekdal 24 jam kangge sadinten punika karaosaken cekak. Kathah prekawis pigesangan ingkang kedhah dipun ayahi lan kathah ugi babagan pigesangan ingkang dados anggitan utawi pemikiran. Pramila, asring manungsa punika mboten saged malih ngraosaken kaendahan pigesangan lumantar maneka werni prastawa utawi kahanan ingkang saweg dipun panggihi, satemah sedaya punika namung gilir gumanti tanpa rasa. Lajeng kados pundi supados pigesangan kita punika saged karaosaken kanthi bingah lan nuwuhaken raos sokur ing salebeting manah?

Waosan kita ing dinten punika paring pepenget bilih saben prekawis nggadahi wekdalipun piyambak lan kathah prekawis ing pigesangan punika ingkang tansah gilir gumanti tanpa saged katata dening para manungsa. Nanging sanajan ta mekaten, kita para manungsa taksih saged ngraosaken kasenengan lan kabingahan bilih kita saged ningali kaendahan saking saben prekawis utawi kahanan ingkang kita panggihi. Kita saged ngraosaken sokur nalika kita nyumerepi prekawis sadinten-dinten ingkang prasaja lan ingkang katingal biasa punika ugi wujud peparingipun Gusti. Prayogi bilih kita nglampahi saben kahanan lan prekawis kanthi kesadaran. Lajeng sedaya punika saged kita raosaken prosesipun sarta kita galih maknanipun. Satemah, sanajan ta kahanan pigesangan tansah gilir gumanti, lajunipun pigesangan karaosaken laju sanget, nanging sedaya proses mboten badhe kalampahan kanthi nglaha.

Ing wekdal punika, kita sampun lumebet ing warsa enggal, inggih punika taun 2024. Tamtunipun, sedaya punika kita tampi kalayan bungah ing manah, kalayan raos sokur ingkang tanpa upami dhumateng Gusti Allah. Kita wiwit warsa enggal punika, sarana pangajeng-ajeng bilih gesang kita kedah langkung sae malih ing warsa enggal punika. Mekaten ugi kita tansah pitados Gusti Allah tansah nunggil lan ngrimati gesang kita ing sauruting warsa punika. Satemah kadosdene piweling saking Kohelet, sumangga warsa ingkang enggal punika kita raosaken kaendahanipun lumantar samubarang kahanan ingkang kita panggihi, kita nikmati sedaya proses pigesangan kanthi setiti. Wekdal pigesangan tansah gilir gumanti, nanging katresnanipun Gusti tansah wonten ing gesang kita sami! Amin. [xie].

 “Asta-Nya tansah ngreksa.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak