Waosan : Yokanan 8 : 12 – 19 | Pamuji : KPJ. 245
Nats: “Aku iki pepadhaning jagad; sing sapa ngetut buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip” (Ay. 12)
Irah-irahan punika mujudaken ukara ingkang sampun kawentar ing antawis kita. Ananging boten wonten awonipun menawi kita sepisan malih nyuraos bab Gusti Yesus ingkang jumeneng dados pepadhanging jagad. Gusti Yesus migunakaken gegambaran bab pepadhang, kados ingkang wonten ing bebukaning Injil Yokanan 1:4,5,9,10. Pepadhang punika wonten gandheng cenengipun kaliyan gesanging manungsa. Ing babagan karohanen lan ing babagan alam, manungsa, tetandhuran lan kewan ingkang gesang boten saged tuwuh ing swasana peteng. Manungsa, tetandhuran lan kewan menawi kepengin gesang punika tuwuh, kedah wonten ing padhang. Mekaten Padhangipun Gusti Yesus estu perlu sanget kangge tuwuhing gesang karohanen kita.
Gusti Yesus punika pepadhang ingkang sejatos. Panjenenganipun nyirnakaken pepeteng lan sakatahing dosa cidra kanthi madhangi margi ingkang leres tumuju dhateng Gusti Allah lan kawilujengan. Sedaya ingkang ngetut wingking Gusti Yesus, kauwalaken saking pepetenging dosa, ndonya lan Iblis. Sinten kemawon ingkang taksih lumampah ing pepeteng, dereng ngutut-wingking Gusti Yesus, dereng derek Gusti Yesus. “Sing sapa ngetut-buri Aku” miturut paramasastra punika “bentuk kata kerja masa kini” ingkang nedahaken tumindak ingkang kedah katindakaken terus. Kawilujengan namung saged kelampahan menawi kita “ngantepi ing Pangandikanipun”. Sekabat ingkang sejatos mesthi setya lan ngugemi pangandikanIpun.
Samangke kita wonten ing pungkasanipun warsa 2020 lan benjang badhe lumebet ing warsa enggal 2021. Warsa ingkang kebak tandha pitaken, awit kita sami boten mangertos punapa ingkang badhe kelampahan ing warsa 2021. Ingkang pasti, kita sami kaajak lumampah ngetut wingking Gusti Yesus Sang Papadang ingkang sejatos, supados kita boten kalimputan ing pepetenging jagad punika. Wonten ing Gusti Yesus ingkang jumeneng dados pepadanging jagad, kita dados pepadang. Pramila saking punika sedaya tindak tanduk kita dikadosa para putraning pepadang, awit wohing pepadang punika namung sarupaning kabecikan, kaadilan lan kabeneran (Efesus 5:8,9). Amin. (SS)
“Gusti pepadhang sejati nggih kang nganyarken budi” (KPK 178:2)