Waosan : Kohelet 3 : 1 – 13 | Pamuji : KPJ. 109 : 1, 2
Nats: “Dene saben wong bisa mangan, ngombe lan ngrasakake kasenengan ing sajroning kangelane kabeh, iku uga peparinge Gusti Allah.” (Ay. 13)
Dinten punika, dinten ingkang sepisan ing taun 2021. Punapa ingkang panjenengan raosaken sesambetan kaliyan gesang ing warsa enggal punika? Temtu wangsulanipun benten-benten saben tiyang. Kangge tiyang ingkang optimis, piyambakipun gadhah pengajeng-ajeng bilih warsa enggal punika langkung sae, langkung sukses lan kawontenan gesangipun tansah wilujeng. Ananging kangge tiyang ingkang pesimis, piyambakipun namung gresula lan sambat kemawon, rumaosipun warsa enggal punika sami kemawon kados warsa kepengker. Kados pundi panjenengan?
Waosan kita saking kitab Kohelet 3:1-13 punika nyerat bilih sedaya kawontenaning manungsa ing alam donya punika wonten wekdalipun. Wonten wekdal lair, wonten wekdal mati. Wonten wekdal nandur, wonten wekdal panen. Wonten wekdal mbubrah, wonten wekdal mbangun. Wonten wekdal nangis, wonten wekdal ngguyu. Wonten wekdal sesambatan, wonten wekdal jejogedan. Sedaya wekdal punika katujuaken kangge manungsa supados manungsa punika tansah mandheng dhateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos. Manungsa saged ngraosaken bilih sedaya kawontenan gesangipun ing alam donya punika namung wonten ing astanipun Gusti Allah. Pramila ing nats kita, juru tulis kitab Kohelet nyebataken, “Dene saben wong bisa mangan, ngombe lan ngrasakake kasenengan ing sajroning kangelane kabeh, iku uga peparinge Gusti Allah.” Tegesipun Gusti Allah tansah makarya lan mberkahi manungsa ing sedaya kahananipun. Gusti Allah kersa ngrimati umatipun supados manungsa punika tansah enget dhumateng Gusti Allah.
Miwiti warsa enggal punika, kita kedah gadhah niat lan tekad ingkang temen kangge mujudaken kasaenan, katentreman, kawilujengan salebeting gesang kita. Wekdal peparingipun Gusti Allah mangga tansah kita ginaaken kagem ngluhuraken Asmanipun Gusti. Kita purun leladi ing satengah-tengahing brayat lan pasamuwan sarana pisungsungaken jiwa raga lan wekdal kita kagem kamulyanipun Gusti. Sumangga kanthi manah ingkang optimis, kita lajengaken gesang ing warsa enggal punika kanthi kebak pangucap sukur. Kita lampahi warsa enggal punika kanthi semangat, bingah lan tekad leladi kagem Gusti. Gusti Allah kersa nyekapi, ngrimati saha mberkahi kita. Gusti Allah ugi tansah nedhahaken sih katresnanipun dhateng kita. (AR)
“Gesang punika kesempatan kangge kita makarya kagem Gusti”