Waosan : Yokanan 8 : 12 – 19 | Pamuji : KPJ. 101
Nats: Gusti Yésus ngandika menèh marang wong akèh sing padha ana ing Pedalemané Allah, mengkéné: “Aku iki Pepadhanging jagad. Wong sing ngetut buri Aku bakal olèh pepadhang sing nguripi. Wong mau ora bakal mlaku ing sajroning pepeteng.” (ay. 12)
Wonten wilayah Wotgalih menawi mastani listrik pejah menika oglangan, sami kaliyan tiyang saking Solo. Krana asring oglangan mila kathah greja sediya genset kangge ngawekani bab menika. Ingkang cetha menawi dalu tamtu repot menawi listrik pejah, krana mboten wonten lampu ingkang murup, limrahipun ngangge lampu darurat senaosa mboten dangu nanging saged dados pepadhang sawetawis. Wonten ing petenging swasana kita mbetahaken lampu, mekatena ugi kendaraan menawi lampunipun pejah kepara repot lan mbebayani menawi lumampah dalu.
Dhawuhipun Gusti Yesus ing ayat 12 nelakaken bab pepadhanging, inggih panjenenganipun ingkang dados pepadhanging jagad. Pepadhang ingkang nedahaken panguripan, tyang ingkang ngayom ing Pepadhang menika mboten badhe tiba menawi lumampah ing pepeteng. Senaosa kathah tiyang Farisi ingkang mboten sarujuk krana Gusti Yesus matur mekaten, mboten njalari Gusti Yesus duka. Ananging nedahaken bilih tiyang Farisi pancen mboten tepang dhateng panjenenganipun (ayat 19).
Kita sedaya ingkang dados kagunganiPun tamtu tepang dhateng Gusti Yesus, ndherek ing sawingkingipun Gusti Yesus minangka pepadhang sayektos. Sok sintena ingkang kaparingan pepadhang saking Gusti rineksa ing salampah gesangipun. Mila sumangga kita tetepa nenga dhateng Panjenenganipun. Tetepa kiyat ing pangandel bilih estu Gusti Yesus pepadhang gesang kita, lan kita pinaringan berkah gesang ing sajroning pepadhang. Sumrambahipun gesang kita ugi kaatag dadosa pepadhang ugi tumrap sesami ingkang taksih gesang ing pepeteng. Sugeng dados kabingahan krana Gusti Yesus sampun paring pepadhang sejati ing gesang kita. Amin. (LUV).
“Gusti pepadhanging jagad, nyumerepken margine, tyang ngupados karaharjan ing donya ngakherate” (Kidung Pasamuan 152)