Waosan : Kohelet 3 : 1 – 13 | Pamuji : KPJ. 159 : 1 – 5
Nats: “Samubarang kabeh iku ana wayahe, apa bae ing sangisore langit iki ana wayahe.” (Ay. 1).
‘Aja nggege mangsa’ artosipun: aja nyepetke mangsa, sampun ngantos meksa kawontenan kita kangge nggayuh pengajeng-ajeng bilih dereng wancinipun. Upaminipun, wonten tiyang ingkang kepengin cepet sugih lajeng korupsi. Paribasa menika adhedhasar kapitadosan bilih sedaya perkawis punika saged kalaksanan awit saking karsanipun Gusti Allah. Tiyang Jawi mastani: sedaya punika wonten titi wancinipun. Pramila perlu sabar lan mboten grusa-grusu anggenipun nggayuh pangajeng-ajeng kita lan mboten nuruti hawa nepsu kemawon.
Gusti Allah kagungan rancangan ingkang engdah kangge sedaya titahipun! Panjenenganipun nyawisaken wekdal ingkang tetep kangge kita lampahi. Kados ingkang kasebataken Juru tulis kitab Kohelet ing waosan kita punika. Wekdal punika penting. Sedaya prastawa kedadosan donya punika ing wekdal tartamtu: lair, mati, nandur, mbedholi sing ditandur, marasake, mbangun, nangis, ngguyu, sesambat, nglumpukake, caturan, nresnani, mbenci, perang, rukun, lsp. Meragukan wekdal ingkang katamtokaken dening Gusti Allah, saged dadosaken putus asa ugi mbrontak nglawan katetepanipun Gusti Allah.
Kita mboten badhe nate marem menawi kita nglirwakaken rancanganipun Allah. Kita badhe marem lan remen, bilih kita: enget Gusti Allah maringi pedamelan dhateng kita supados kita tindakaken, sadar bilih wohing pendamelan kita minangka berkah saking Gusti Allah. Kita kedah nganggep bilih nindakaken pedamelan kita menika minangka cara kangge kita ngladosi Gusti Allah. Sanyatanipun Gusti Allah maringi kalanggengan ing manah kita, tegesipun kita mboten badhe saged ngraosaken marem tumraping bab-bab kadonyan. Kita katitahaken miturut Gambar lan Pasemonipun Allah, pramila: mangga kita gadhah raos ngelak/ngorong sacara rohani, kita gadhah nilai kelanggengan, lan kelanggenganipun Gusti Allah maringi raos marem ingkang sejati kangge kita.
Ing dhiri kita, Gusti Allah akarya raos gelisah lan kangen wontenipun jagad ingkang sampurna. Bab menika badhe saged kalaksanan namung ing salebeting kasampurnan tatanan lan peprentahanipun Gusti Allah piyambak. Amin. (Esha).
“Gesang ing sawetahnya Paduka kang kagungan”