Waosan: 2 Samuel 11 : 2 – 26 | Pamuji: KPJ. 135
Nats: “Ing wekdal semanten para bala pamanah sami nglepasi panah dhateng para abdi dalem saking balowarti, temah abdi dalem sawatawis sami manggih tiwas, dalah abdi dalem Uria tiyang Het punika ugi nemahi pejah.” (Ayat 24)
Punapa wonten tiyang gesang ingkang mboten nate tumindak lepat ing gesangipun? Kadosipun mboten wonten, saben tiyang tamtu nate lepat, sae ing gesang bebrayatan, gesang ing pandamelan, ugi salebeting paladosan ing pasamuwan. Kanggenipun tiyang wicaksana, piyambakipun badhe sinau saking kalepatanipun punika, lajeng ndandosi kalepatanipun punika kanthi cara ingkang leres. Kanthi mekaten piyambakipun saged dados tiyang diwasa ingkang purun sinau saking kalepatanipun lajeng nindakaken kabeneran salebeting gesangipun.
Waosan kita wekdal punika nyariosaken prabu Dawud ingkang dawah ing tumindak dosa. Dosa kaping pisan, Dawud tumidak zinah kaliyan Batsyeba semahipun Uria, tiyang Het. (ay. 4). Dosa kaping kalih, Dawud mejahi Uria mawi cara ngutus Uria majeng ing perang, wonten barisan ingkang paling ngajeng piyambak. (Ay. 15). Pangupaya punika dipun tindakaken Dawud supados piyambakipun saged mendhet Batsyeba dados semahipun. Punapa ingkang dipun tindakaken Dawud punika tumindak ingkang mboten bener, tumindak awon ingkang ndadosaken piyambakipun dawah ing dosa. Dawud ingkang kedahipun dados tuladha kangge bangsa Israel mboten saged dados tuladha ingkang sae awit sampun tumindak dosa lan nistha wonten ngarsaning Gusti.
Saking cariyos Dawud punika kita sami dipun engetaken supados njagi kawontenan gesang kita. Sampun ngantos kita kagodha lan dawah salebeting dosa hawa nepsu ingkang namung nuruti pepenginan kita. Kita manungsa limrah ingkang mboten lepat saking kekirangan lan kalepatan, nanging sampun ngantos kita sengaja tumindak dosa lan tumindak awon. Ing sasi pambangunan punika, kita dipun timbali kangge ngupaya gesang ingkang bener, inggih punika gesang ing panuntuning Gusti. Sampun ngantos kita dados tiyang ingkang mblasar kados Dawud kalawau, nanging mangga kita saged ngendaleni dhiri kita, ngendaleni pangucap kita supados punapa ingkang kita tindakaken ing gesang kita punika namung kabeneran lan kasaenan. Pancen awrat kangge nindakaken gesang ing bener, pramila kita kedah nyuwun kawicaksanan saha kakiyatan saking Gusti, supados lampah gesang kita nuwuhaken kabeneran lan saged dados berkah kangge sesami. Amin. [AR].
“Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma, sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon.” (Jabur 92:13)