Waosan : Pangentasan 4 : 11 – 31 | Pamuji : KPJ. 155 : 1, 3
Nats: “Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.” (Ay. 15)
“Nduk, ayo mangkat ning greja!” dhawuhe Bapak. “Adhuh, aku kesel pak, wingi wis melu kebaktian pemuda. Apa maneh mengko kuwi wayahe basa jawa, sing kotbah mbah Man sing suwe, nggarai ngantuk. Mengko yen konangan turu, piye? Malah isin aku. Aku tak neng greja liya wae mengko sore!” Aturne Genduk karo mulet. “Halah… Bocah kakehan alesan!”, Bapak ngandika.
Manungsa punika kaaran titahipun Gusti ingkang paling sampurna. Nanging kasunyatanipun, manungsa piyambak ngraosaken boten sampurna. Wiwit saking tata laku ingkang gampil miyar-miyur kagoda hawa nepsu, ngantos cecaturan kang mboten temata, mencla-mencle lan kasar. Punika ingkang ndadosaken Musa nggadahi pamanggih bilih piyambakipun mboten pantes nampi timbalanipun Gusti mimpin Israel medal saking Mesir. Musa ngaturaken maneka alesan badhe nyelaki timbalanipun Gusti. Mila Gusti Allah tuwuh dukanipun awit sedaya alasanipun Musa (Ay. 14). Nanging, Gusti paring dhawuh, “Harun … iku wasis ing wicara, … Harun iku tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.” (ayat 14-15). Nampi Dhawuh pangandikanipun Gusti ingkang mekaten, Musa mboten saged selak utawi atur alasan malih. Lajeng enggal-enggal tumuju Mesir sinarengan brayatipun. Ing satengahaing margi, wonten prastawa tetak ingkang dados pratandha, bilih Musa sabrayat pantes ngemban tugas saking Gusti punika.
Sepinten sampurnaning gesang kita? Tamtunipun mboten wonteng ingkang satus persen. Awit kita sami ngraosaken taksih wonten kakirangan. Nanging bilih Gusti Allah sampun nimbali kita minangka pandherekipun Sang Kristus, kita mboten saged selak. Punapa ingkang dados karsanipun Gusti kedhah kita lampahi kanthi tatag awit Gusti ingkang nuntun.
“Wis ora usah alesan maneh! Awake dhewe kita tinimbalan Gusti ing sajroning GKJW, ayo ngurip-uripi grejane dhewe kanthi tetep manut karsane Gusti! Ayo, iki enek pak vikar anyar!” dhawuhe Bapak. Genduk langsung cekekal tangi, adus, mangkat menyang greja. [jarwi]
“Sampurnaning gesang kita, namung wonten ning pangreksaning Gusti”