Mangga Sami Mlajeng Dhateng Gusti Renungan Harian 1 September 2020

1 September 2020

Waosan : Jabur 83 : 1 – 4    │     Pamuji :   KPJ. 47 : 1
Nats
: “Amargi mengsah Paduka sami gumuruh, tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak.”(Ay. 3)

Tiyang gesang wonten ing donya punika asring ketaman mawarni-warni perkawis. Arupi ketaman sakit, ngalami kegagalan, rekaos pados sandhang-tedha, dipun tilar dening brayat ingkang dipun tresnani, dimengsah tiyang, lsp. Kasunyatan punika njalari gesangipun manungsa mboten ayem lan tentrem, malah saged ndadosaken semplah, sumelang lan kecalan karosan kangge gesang. Bilih ngadhepi perkawis gesang ingkang kasebataken kala wau kita lajeng badhe mlajeng dhateng pundi? Punapa kita badhe ngandhelaken kakiyatan lan kapinteran kita kemawon? Punapa nyuwun pitulungan tiyang ingkang kita sebat “tiyang pinter”? Punapa kita lajeng enggal mlajeng dhateng Gusti Allah?.

Lumantar pitakenan punika kita dipun emutaken kalian perkawis ingkang nate dipun adhepi Prabu Dawud nalika nuntun lan ngiyataken bangsa Israel ngadhepi mengsah. Inggih punika bangsa Asyur lan Filistin. Bangsa punika sami nglawan Gusti Allah lumantar nyirnakaken bangsa Israel. Ngadhepi kahanan ingkang mekaten Prabu Dawud ngrumaosi bilih kekiyatanipun bangsa Israel punika winates. Pramila Prabu Dawud enggal mlajeng dhateng Gusti Allah nyuwun pitulungan lumantar pandonga. Prabu Dawud pitados bilih namung Gusti Allah piyambak ingkang saged mitulungi lan ngluwari bangsa Israel saking perkawis punika.

Gegayutan kalian perkawis ingkang dipun adhepi bangsa Israel sejatosipun ugi ngemutaken gesang kita. Sanadyan ketaman mawarni-warni perkawis gesang ingkang awrat utawi enteng. Ingkang wigati sejatosipun sanes perkawisipun, nanging kadospundi anggen kita ngadhepi lan ngrampungi perkawis punika, tansah emut dhumateng Gusti Allah punapa nebih saking Gusti Allah? Sinaosa perkawis punika entheng nanging menawi dipun sanggi piyambak tamtu kraos awrat. Kosok wangsulipun, perkawis ingkang awrat badhe kraos entheng nalika kita nyuwun pitulungan lan kekiyatan saking Gusti Allah. Namung Gusti Allah kemawon ingkang saged ngluwari, mitulungi lan maringi kekiyatan anggenipun kita ngadepi mawarni-warni perkawis. Pramila monggo tansah mlajeng dhateng Gusti Allah. (Ry).

“Gusti Allah punika papan pangungsen ingkang sejati.”

 

Renungan Harian

Renungan Harian Anak