Waosan : Pangentasan 32: 1 – 14 I Pamuji: KPJ. 198: 1-3
Nats: “Ing kono Pangeran Yehuwah apiduwung ing bab bilai kang wus karancang bakal katandukake marang umate.” (ay. 14)
“Menunggu adalah pekerjaan yang paling membosankan”, menika pethikan ingkang sampun asring dipunpirengaken lan pancen leres. Kathah tiyang bosen nengga semahipun blanja, bosen dipun semayani, bosen ngabekti, ndedonga, lan maos Kitab Suci. Bosen minangka satunggiling godha ingkang kedah dipun adhepi dening manungsa.
Wontenipun patung pedhet emas ndadosaken tiyang Israel gumregah semangat. Umat boten bosen lan bingung malih tinilar dening Nabi Musa. Sedaya sami bingah lan tuwuh semangatipun ngabekti. Sadaya katindakaken sareng-sareng, saiyeg saeka praya, sami masrahaken anting-anting emas, saos kurban, nedha, nginum lan asumyak-sumyak sesarengan. Pancen ingkang dipun sebut tetep asmanipun Sang Yehuwah. (ay. 5). Nanging Gusti Allah mirsani sadaya menika minangka karisakan lan badhe ndhawahaken paukuman.
Saking mriki kita saged sinau bilih ingkang utami sanes ingkang nengsemaken, mbingahaken, lan nggigah semangat kita kemawon. Kita kedah naliti menapa sadaya wau sampun leres ing ngarsanipun Sang Yehuwah. Jaman samangke kathah ingkang saged nggigah semangat ngabekti, ing antawisipun piwucal, caranipun mucal, papan, yatra, alat-alat ingkang dipun ginakaken mucal, lsp. Tamtu angsal kemawon sadaya wau kita ginakaken minangka sarana nggigah semangat ngabekti . Nanging perlu kita sinaoni kanthi telatos menapa saestu nyondhongi karsanipun Gusti.
Saking pundi kita saged mangertosi menapa ingkang leres manut Sang Yehuwah? Ingkang utami inggih saking Kitab Suci. Ing Kitab Suci kaserat karsanipun Gusti ingkang nuntun dhateng gesang lan piwucal ngadhepi tantanganing gesang. Sumangga kita nyinau Kitab Suci ing satengahing brayat. Miwiti kanthi maos Kitab Suci sareng-sareng sabrayat, kalajengaken ngraos-ngraosaken, langkung sae malih menawi kalajengaken rerembagan utawi PA ing satengahing brayat kita. (Dawir)
“Katresnan lan kasetyan aja pisan-pisan kok tinggal. Iku kalungna neng gulumu lan tulisen ing atimu. Menawa koktindakake kowe bakal oleh sih ing ngarsane Allah lan ing ngarepe wong” (Kohelet 3: 3 & 4)