Waosan: 1 Petrus 2 : 19 – 25 | Pamuji: KPJ. 113
Nats: “Nanging manawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.” (Ayat 20b)
Mboten wonten tiyang ingkang kagungan pepinginan supados gesangipun nampeni kasangsaran. Pramila manungsa limrah mestinipun mbudidaya gesangipun supados tebih saking kasangsaran lan kebak kabingahan. Contonipun: Supados brayat kita punika saged kacekapan bab sandang, pangan lan papan, bapak (utawi ibu) nyambut damel kanthi tumemen. Tamtunipun ing sadengah panyambut damel angsal asil (gaji) kangge nyekapi kabetahaning brayat. Menawi sampun cekap, brayat kita punika mboten nampi kasangsaran. Paling mboten kasangsaran awit saking kekirangan tetedhan kangge brayat.
Waosan kita dinten punika mratelakaken bilih tiyang Kristen punika kaajak nandhang sangsara (Ay. 19). Tamtu punika ndadosaken prekawis lan pitakenan kangge kita, “Kenging punapa Gusti Allah ngersakaken umat-Ipun nandhang sangsara?” Pitakenan punika saged kawangsulan menawi kita ngraosaken ayat nats, “Nanging manawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih-rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.” (Ay. 20b). Lumantar ayat punika, kita sinau bilih sejatosipun kita mboten dipun utus Gusti, gesang ing donya kebak ing kasangsaran. Nanging ayat punika nedahaken bilih sampun ngantos kita ngresula ing sadengah kasangsaran ingkang kita tampeni. Punapa malih kasangsaran punika mboten karana tumindak kita piyambak. Awit Gusti Allah badhe paring sih-rahmat-Ipun dhateng tiyang ingkang setya tuhu lan kiyat ngadepi kasangsaran.
Mboten namung punika kemawon, lumantar ayat 21 kasebataken, “… marga saka Gusti Yesus Kristus iya wis nilari tuladha marang kowe, …” , kita kaengetaken bilih Gusti Yesus paring tuladha kangge kita. Panjenenganipun nampeni paukuman pati ing kajeng salib punika kangge nanggel dosa-dosa kita. Pancen kita kaparingan akal lan daya saged mbudidaya supados kita uwal saking kasangsaran. Nanging mbok menawi wekdal samangke kita nampeni kasangsaraning gesang, mangga kita enget dhumateng Gusti Yesus ingkang sampun paring tuladha kangge kita. Panjenenganipun tansah sabar lan setya tuhu nanggel kasangsaran ingkang dipun raosaken. Wonten prajanjinipun Gusti ingkang langkung endah ingkang badhe kita tampi, kangge kita ingkang sabar ngadepi kasangsaran, inggih punika gesang langgeng. Swawi kita tansah sabar lan sumendhe namung dhumateng Gusti Yesus Sang Juruwilujeng kita. Amin. [PY].
“Kasangsaran ingkang kita tampeni dados sarana anggen kita nggladi dhiri dados pandherekipun Gusti Yesus.”