Tulus Tanda Katresnan Renungan Harian 3 September 2020

3 September 2020

Waosan : 2 Korinta 12 : 11 – 21      |   Pamuji  :  KPJ. 136 : 3
Nats
: ”… Awit dudu barang darbekmu kang dakgoleki, nanging kowe dhewe …” (Ay. 14)

Sansaya dangu, katulusan sansaya awis. Ngantos-ngantos, tiyang ingkang badhe nampeni pambiyantu saking tiyang sanes kedah pikir-pikir: “aja-aja ana karepe?” Katulusan kawon kaliyan raos sujana (curiga). Pancen sampun kathah tiyang ingkang boten purun perduli dhumateng sesaminipun. Sadaya ingkang katindakaken kaukur saking ”sepinten ageng kauntungan ingkang saged dipun tampi”. Prakawis punika nedahaken bilih katresnan dhumateng sesami katandukaken kalawan setengah-setengah lan mboten terus-menerus. Satemah, sampun tamtu tiyang sanes nyujana: “aja-aja ana karepe?”

Katresnanipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan Korinta mboten setengah-setengah. Ngantos-ngantos, Paulus ajrih bilih pasamuwan ing Korinta dereng saged wangsul mratobat saking pambalelanipun. Pramila, Paulus negesaken bilih piyambakipun punika Rasul ingkang kautus dening Gusti. Pangupayanipun katindakaken sarana nedahaken malih lan paring pangenget dhumateng pasamuwan Korinta menggah sakathahing mukjijat ingkang katindakaken. Sadaya punika katindakaken supados pasamuwan Korinta enggal mratobat srana nilar tumindak awon. Rupinipun, pasamuwan Korinta wangkot manahipun, ngantos-ngantos mukjijat ingkang katindakaken dening Rasul Paulus mboten ndadosaken pasamuwan Korinta pitados dhateng panguwasanipun Gusti. Malah-malah, pasamuwan Korinta sami nggalih bilih Paulus kagungan kepentingan pribadi lan murih kauntungan saking pasamuwan ing Korinta. Ananging, sepisan malih Paulus negesaken bilih piyambakipun tulus anggenipun kepingin ngentasaken pasamuwan Korinta saking pamblunthah lan jejember ingkang katindakaken.

Swawi kita nyinau saking lelampahanipun Rasul Paulus. Senadyan ta kagalih ala dening pasamuwan Korinta, ananging panjenenganipun tetep tatag lan mantep wonten ing tumindakipun, inggih paring pitulungan sarana ngentasaken saking pamblunthah lan jejemberipun. Katulusaning manahipun Rasul Paulus dhumateng pasamuwan Korinta, badhe katitik ing tembe bilih punapa ingkang katindakaken punika leres, awit inggih cundhuk kaliyan rancanganipun Gusti. Saben kita tinimbalan supados asung pambiyantu tumrap sok sintena ingkang saweg mbetahaken. Dene, anggen kita asung pambiyantu dhateng sesami, sumangga kita dhasari kanthi katulusan. Awit, tulusing manah kita dados titikan bab sepinten ageng katresnan kita dhateng sesami. Swawi kita melehaken, bilih taksih wonten tiyang ingkang tulus. Lan katulusan ingkang kita gadhahi boten kawon dening sujana. [aan]

”Duwenana tulus, dudu akal bulus.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak