Waosan: Wahyu 2 : 12 – 29 | Pamuji: KPJ. 362
Nats: “Nanging apa kang sira duweni iki kukuhana nganti sarawuhingSun.” (Ayat 25)
Pasamuwan Pergamus lan Tiatira punika dipun pandeng pasamuwan ingkang kebak pangajeng-ajeng awit kapitadosanipun dhumateng Gusti. Pasamuwan Pergamus tansah setya dhumateng Gusti sanadyan dipun tindhes. Dene pasamuwan Tiatira dipun puji awit tuwuhing katresnan lan paladosanipun. Nanging, kalih pasamuwan punika ugi dados gambaran pasamuwan ingkang mboten sampurna. Bab punika sesambetan kaliyan pepanggihanipun kalih pasamuan punika kaliyan kapitadosan sanes. Pergamus pineling awit nglempakaken piwulang sesat. Tiatira pineling awit nglilani “Wanita Izebel”, minangka lambang piwulang palsu ingkang marakaken lelampahan awon lan panyembahan brahala. Kalih pasamuan punika dados gambaran pasamuan ingkang gesang wonten ing antawisipun tekanan saking njawi lan bebaya saking lebet, kados piwulang sesat lan kompromi bab moral.
Wonten sekawan pitutur ingkang saged kita refleksikaken saking waosan punika:
- Paseduluran sejati tuwuh saking tatag ing iman.
Punika nglantaraken bilih iman sejati mboten gumantung kaliyan kahanan saking njawi, nanging saking komitmen tetep setya dhumateng Sang Kristus. - Paseduluran sejati mboten nampi tumrap piwulang sesat.
Paseduluran sejati mboten ateges kita nampi sadaya bab kanthi alesan “demi katentreman”, nanging wantun mitulungi lan ngengetaken kalepatan tiyang sanes kanthi katresnan. Punika minangka bentuk tanggung jawab rohani kita. - Paseduluran sejati tuwuh saking peladosan lan katresnan ingkang murni.Pasamuan mboten namung nglempak sesarengan, nanging aktif, ngabdi, lan ngladeni sesami. Katresnan ingkang tulus punika nuwuhaken paseduluran sejati.
- Paseduluran sejati punika njagi kasucen lan integritas.
Punika ngengetaken bilih tiyang pitados kedah njagi integritas iman lan karohanenipun, amargi paseduluran sejati mboten saged kawangun ing kamunafikan utawi kompromi kaliyan dosa. Kasucen gesang lan laku iman kedah katindakaken.
Wahyu 2:12–29 ngajak kita supados nglestantunaken gesang pasamuwan ingkang kebak kayekten, katresnan, kawelasan, saha pangajeng-ajeng. Sanes kebersamaan ingkang namung adhedhasar emosi. Mangga kita kiyat ing iman lan njagi kasucen sesarengan, awit punika ingkang dados pepadhang wonten satengahing donya. Amin. [ES].
“Paseduluran sejati punika mboten medal saking kompromi, nanging saking kasetyan sesarengan dhumateng kayekten.”