Waosan: Filipi 1 : 15 – 21| Pamuji: KPJ. 161 : 1 – 3
Nats: “… Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.” (Ayat 20b)
Kita remen urip punapa pati? Umumipun tiyang mesthi milih remen urip karana ingkang gesang punika endah, aji, lan migunani. Kosok wangsulipun pati punika mesthi badhe risak lan boten wonten paedahipun. Lajeng kadospundi pejah lan gesang ing paningalipun Gusti Yesus? Gusti Yesus ngersakaken para umat kagunganipun boten nemahi karisakan ananging sami nggadahi gesang langgeng. Anggenipun Gusti Yesus wungu saking antawisipun tiyang pejah, ngartosaken dhateng kita bilih Gusti Yesus sampun ngawonaken pati, supados kita ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus boten ngalami pati nanging nampi gesang langgeng. Rahayu sanget kita ingkang dados pandherekipun Gusti Yesus, sadaya badhe nemahi gesang langgeng.
Kita para pandherekipun Gusti Yesus sami pirsa lan pitados ing prekawis kalawau, ananging ing antawis kita inggih taksih wonten ingkang boten siap ngadepi prastawa ngajal. Sae ingkang badhe ngajal mekaten ugi ingkang katilar. Sadaya punika nedahaken bab karingkihan kita ing ngarsanipun Gusti. Kamangka, nalika kita ngandelaken kakiyatan lan karosan kita, artosipun kita saweg nedahaken bilih kawontenan kita ingkang ringkih. Pramila rasul Paulus ing waosan kita dinten punika, ngajak dhateng kita supados gesang tansah ngluhuraken Gusti. Aturipun rasul Paulus : “Sang Kristus kanthi cetha kaluhurake ana ing badanku, dadia srana uripku, utawa srana patiku.” Ngluhuraken Gusti punika tegesipun kita ngugemi gesang ingkang wanuh dan ajrih asih dhumateng Gusti. Kapan kemawon wekdalipun lan ing pundia kemawon papan dunungipun, kita tansah nindakaken karsanipun Gusti.
Ingkang dados pitakenan salajengipun, kita punika lumebet golongan ingkang pundi? Tiyang ingkang ajrih pejah, punapa ingkang ajrih katilar sanak sedherek ingkang pejah? Sumangga kita sami sinau nindakaken kados ingkang sineksenan dening rasul Paulus. Kita kedah fokus dhateng gesang ingkang ngluhuraken Gusti Yesus. Kita boten badhe ngetang gesang punapa pejah, ingkang penting ing sadengah prekawis gesang kita, kita tetap ndherek Gusti ingkang prajanji paring gesang langgeng dhateng kita. Pramila sumangga kita sansaya ngantebaken iman kapitadosan kita. Ngantos ngajal kita tansah ndherek Gusti lan boten rewel babar pisan. Sugeng ngluharaken Gusti srana gesang kita. Amin. [Life].
“Dadia urip, dadia pati, kabeh mung sepisan, payo dipisungsungake kagem kaluhuran Asmane Gusti!”