Waosan : 2 Para Raja 18 : 1 – 8, 28 – 36 | Pamuji : KPJ. 357 : 1 – 3
Nats : “Nanging rakyat mau padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga Sang Prabu wus paring dhawuh piweling: “Sira aja padha mangsuli marang dheweke!” (ayat 36).
Anteng punika sanes perkawis ingkang gampil dipun tindakaken. Punapa malih anteng ing suasana ingkang mbebayani. Tuladhanipun, nalika tiyang katut dening ombak, temtu tiyang menika rumaos ajrih, bingung lan kuwatos, satemah tiyang punika enggal-enggal nglangi (vertikal) dateng pinggir. Kamangka, tumindak punika sanes pilihan ingkang leres, awit arus balik (rip current) punika kuat sanget. Dados, ingkang kedah katindakaken nalika katut dening ombak punika anteng lan ngentir langkung rumiyin ngantos uwal saking arus balik (rip current). Salajengipun, nglangi dateng pinggir kanthi arah kiwa/tengen (horisontal) rumiyim banjur dateng arah pesisir (vertikal). Kanthi raos lan tumindak anteng, tiyang ingkang katut dening ombak saged slamet.
Ing waosan, dipun serat bilih Prabu Hizkia, sinaosa taksih timur (ay. 13), kagungan sipat ingkang anteng. Piyambakipun boten gampil bingung, kuwatos lan ajrih. Boten kejawi nalika piyambakipun nampi poyokan saking Sanherib, Prabu bangsa Asyur, lumantar abdinipun (ay. 28). Ing suasana kang mbebayani bangsanipun, Prabu Hizkia taksih paring dhawuh dateng para rakyatipun supados boten mangsuli menapa kemawon ingkang dipun aturaken dening abdinipun Prabu Sanherib (ay. 36). Kanthi sipat ingkang anteng lan pasrah dhumateng Gusti Allah punika, wusananipun, bangsa Yehuda saged uwal saking ancaman bangsa Asyur.
Nuladha ingkang dipun tindakaken dening Prabu Hizkia lan para rakyatipun, sipat anteng ugi pas lan trep kita dadosaken tetales anggen kita mbangun gesang paseduluran, mligi kaliyan ingkang benten kapitadosan. Kanthi sipat anteng, sedaya isu-isu kang nyobi ndadosaken crah gesang paseduluran saged dipun singkiraken. Kanthi sipat anteng, kita boten gampil dipun “adu-domba” kaliyan tiyang sanes. Kanthi sipat anteng, kita saged gesang ayem lan tentram. Dados, anteng punika sipat ingkang wigati, sipat ingkang kedah dipun gadhahi lan tindakaken dening sedaya manungsa. (7us).
“Payo, mbangun gesang paseduluran kanthi sipat anteng!”