Waosan : Matius 18 : 6 – 9 | Pamuji : KPJ 69 : 1, 2
Nats: “Manawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowe, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung, katimbang karo tanganmu lan sikilmu karo-karone wutuh nanging kacemplungake ing geni langgeng.”[ayat 8]
GKJW ing satengahing peladosan dhateng pasamuwan lan masyarakat kalandesan tema Mandiri lan Dados Berkah. Tegesipun, sedaya warganing pasamuwan sami gadhah semangat ngupaya kadiwasan iman lan patunggilan. Mandiri saged diwujudaken srana Tri Kemandirian Gereja: teologi, daya lan dana. Mandiri Teologi tegesipun warga lan majelis pasamuwan mengertos timbalanipun Gusti, tugas lan tanggeljawabipun. Manteb, jejeg imanipun, setya dhumateng Gusti Yesus lan GKJW. Mandiri Daya tegesipun warga lan majelis pasamuwan purun makarya ing bot repoting pasamuwan, cumadhang lelados ing pasamuwan minangka pisungsung jiwa raga kagem Gusti. Mandiri Dana tegesipun warga lan majelis pasamuwan saged nyekapi sedaya kabetahan peladosan ing pasamuwan, daerah lan MA. Kanthi legawa lan tulusing manah ngaturaken pisungsung kagem Gusti. Kanthi mekaten, kita saged dados berkah kangge pasamuan lan tiyang sanes.
Gusti Yesus ngendika bab gesang dados berkah. Sampun ngantos ing antawisipun para sakabat wonten ingkang dados sandhungan.Bilih Gusti Yesus ngendika, ”Manawa tanganmu utawa sikilmu dadi sandhungan tumrap kowe, kethoken lan buwangen, amarga luwih becik tumraping kowe, urip kanthi tangan kuthung utawa buntung, katimbang karo tanganmu lan sikilmu karo-karone wutuh nanging kacemplungake ing geni langgeng.” Tegesipun sampun ngantos para sakabat dhawah ing dosa lan dados sandhungan kangge tiyang sanes.
Punapa kita sampun dados berkah kangge sesami? Sampun ngantos kita dados sandhungan kangge tiyang sanes, nanging dadosa berkah. Lumantar pangucap, kita ngedalaken pangucap syukur dhateng Gusti. Pangucap ingkang nglipur lan ngiyataken tiyang sanes, ingkang mbangun pasamuwan. Ing pamikir, kita nggadhah pamikiran ingkang sae kangge mbangun gesang bebrayatan, gesang ing patunggilan. Ing manah, kita kebak katresnan dan kebah sih pangapunten dhateng sesami kita. Karana menika mangga kita saged dados berkah sampun ngantos dados sandhungan. [AR]
“Urip dadia berkah kangge liyan!“