Waosan: Lelakone Para Rasul 13 : 1 – 12 | Pamuji: KPJ. 386
Nats: “… kang jumeneng gupernur ing pulo kono, priyagung kang lantip, ….” (Ayat 7)
Sapunika kathah kelompok ing masyarakat ingkang saged makempal kanthi sekeca amargi gadhah hobi/kekareman ingkang sami. Kanthi wonten prekawis ingkang sami, tamtunipun sansaya gampil kangge rembagan. Nanging sanadyan sampun tepang dangu, mapan ing papan ingkang sami bilih benten hobi/kekareman, asring radi ewet kangge nunggil.
Waosan kita ing dinten punika, kawiwitan bab “nabi lan guru” ingkang kajibah paring piwucal dhateng para umat. Amargi sampun rumaos sami nampi timbalan, satemah sadaya prekawis saged karembag kanthi sekeca. Kadosdene, wekdal wonten timbalan kangge Barnabas lan Saulus ingkang dipun utus dados juru piwucal dumugi ing Pulo Siprus. Punika kalampaham kanthi sae. Sak sampun dumugi ing Siprus, Saulus pepanggihan kaliyan Sergius Paulus. Piyantun punika dados Gupernur, piyambakipun kaserat minangka paraga ingkang lantip, ingkang kepengin sinau, sacara khusus gadhah pepenginan sinau bab pangandikaning Gusti Allah. Kadosdene “tumbu ketemu tutup”, timbalan paladosan dening Saulus lajeng kepanggih kaliyan tiyang ingkang kados Sergius Paulus. Sanadyan wonten pambengan saking Elimas ingkang dados tukang sihir ing ngriku nanging punika mboten dados alangan kangge sinau sesarengan ngupadi karsanipun Gusti.
Kita tamtu remen manawi saged pepanggihan kaliyan piyantun ingkang sami tunggil kekarepan. Langkung malih manawi punika tunggil bab sinau dhawuhipun Gusti. Nanging pitakenanipun, punapa taksih gampil dipun panggihaken? Amargi kawontenanipun gesang manungsa ing jaman samangke sampun asring adreng dening kabetahanipun gesang saben dinten. Mila ing antawisipun palados pasamuwan, warganing pasamuwan tansaha wonten “tradisi belajar” kangge indhaking seserepan, utaminipun bab gesang pitados. Kadosdene Saulus lan Sergius Paulus, ingkang migunakaken kawontenan papan ingkang kaleresan saged pepanggihan lan manggen ing pulo ingkang sami. Pepanggihan punika mboten lajeng muspra. Reraosan dinten punika cundhuk kaliyan timbalan kita supados sageda mawas dhiri kangge tuwuhing gesang ingkang luhur. Sapunika kita saged migunakaken maneka warni alat kangge sinau, internet, whatsapp lan sanesipun. Ingkang sanadyanta tebih taksih saged sami rembagan sesarengan. Mangga sami ngupadi karsanipun Gusti Allah lumantar panggulawentah saking sesami. Amin. [WdK].
“…belajarlah sampai di negeri Cina…”