Mbangun Budaya Pro Gesang Pancaran Air Hidup 3 November 2025

3 November 2025

Waosan: Nehemia 13 : 1 – 3; 23 – 31  |  Pamuji: KPJ. 375
Nats: “Kaya mangkono anggonku ngresiki wong-wong saka ing samubarang kang saka ing bangsa liyan, apadene para imam lan para wong Lewi padha daktetepake kewajibane lan pagaweane dhewe-dhewe.” (Ayat 30)

Operasi ingkang dipun lampahi dokter bedah tumrap tiyang ingkang nandhang sakit kanker, tamtunipu badhe nuwuhaken raos nyeri kangge tiyang punika. Salah satunggaling peranganing badanipun kedah dipun patuk ngangge pisau, lan ndadosaken tatu. Dokter tumindak operasi punika mboten awit saking rasa sengit, nanging awit nggadhah pangajeng-ajeng nyarasaken pasienipun punika. Perangan ingkang risak kedah dipun bucal supados pasien punika saged saras lan sehat.

Kados dokter punika, Nehemia tumindak kanthi teges lan mantep. Piyambakipun mbucal sadaya prekawis ingkang nyimpang, mboten amargi nesu nanging awit saking katresnanipun kangge mulihaken iman umat Israel. Ing waosan kita, kapratelakaken tumindakipun Nehemia ingkang teges nalika mbeneraken tumindak lepatipun umat Israel. Tujuanipun cetha: ngresiki padalemanipun Gusti Allah lan mulihaken kasetyanipun umat Israel tumrap Torah. Nehemia mboten namung dados pemimpin religius, nanging ugi reformator budaya. Piyambakipun ngupadi mulihaken relasi rohani antawisipun Gusti Allah lan umat Israel. Perkawinan campuran dipun tolak, sanes amargi ajrih utawi sengit, nanging Nehemia kuwatos menawi punika ngrisak identitas iman lan integritas gesang spiritualipun umat Israel. Nehemia ugi negur umat ingkang mboten purun gulawentah anak-anakipun bab tuladha iman para leluhuripun. Saking ngriki ketingal bilih Nehemia saestu mbangun budaya gesang, budaya linandesan kayekten lan iman, sanes tradisi kosong.

“Budaya pro-gesang” punika mboten namung nyegah pati sacara jasmani (kados aborsi utawi eutanasia), nanging ugi nyegah budaya kompromi ingkang mejahi integritas, iman, lan timbalan pasamuan. Nehemia paring tuladha bab “keberanian moral”: mboten marengaken para umat tumindak dosa. Mila mangga kita nuwuhaken ‘Budaya Pro Gesang’, kita gesang salebeting kasetyan, kasucen, lan manut dhumateng Gusti. Wonten ing pepadhanging Injil Sang Kristus, kita mbangun budaya pro-gesang kanthi katresnan, kaadilan, lan kayekten ingkang nyarasaken sesami. Amin. [ES].

“Wonten ing donya ingkang remen kompromi, perjuangan ngupadi gesang suci punika dados wujud katresnan paling luhur dhumateng gesang.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak