Waosan: Markus 12 : 28 – 34 | Pamuji: KPJ. 165
Nats: “Ora ana pepakon liyane kang ngungkuli pepakon loro iku.” (Ayat 31B)
Kathah tiyang ingkang sapunika mboten pitados malih bilih kathah masalah saged dipun rampungaken kanthi margi katresnan. Lajeng milih mrantasi masalahipun kanthi tata cara kadonyan. Sengit dipun wales sengit, dendam dipun wales dendam, mboten dipun sapa ugi dipun wales mboten purun sapa aruh. Kahanan punika estunipun mrihatosaken sanget, awit tamtu kita mboten badhe ngraosaken ayem lan tentrem.
Wekdal wonten ahli Toret ingkang ngunjukaken pitakenan punapa pepaken ingkang ageng piyambak? Wangsulanipun punika kaserat ing ayat 30 lan 31, inggih punika tresna dhumateng Gusti saha dhumateng sesami. Pepaken ngemu teges hukum utawi prentah saking Gusti, ingkang dipun kersakaken Gusti supados dipun tindakaken dening umat-Ipun. Sejatosipun pepaken punika sanes prekawis enggal kangge tiyang Yahudi. Awit Gusti Yesus namung ngengetaken malih punapa ingkang sampun kaserat wonten ing Kitab Toret. Mboten wonten pepaken ingkang ngungkuli kados ta kurban obaran tuwin kurban sembelehan, ingkang asring dipun anggep dados lampah utami dening tiyang Yahudi. Sing penting misungsung korban dosa-dosa kalebur, kabeh urusan karo Gusti beres. Pangertosan ingkang kados mekaten pangertosan ingkang keblinger. Wiwit rikala mula, ngantos ing pungkasaning jaman, pepaken utami saking Gusti punika mboten ewah gingsir. Nresnani Gusti Allah kanthi gumolonging manah, saha nresnani sesami kados nresnani dhirinipun piyambak dados sumbering katentreman saha kabingahan. Dipun sengiti kawales mboten nyengiti, tiyang ingkang dendam kedah kawales kanthi ndongakaken tumrap kasaenanipun, mboten kasapa tetep kedah purun sapa aruh.
Margi tresna punika pancen margi ingkang mboten gampil, ananging dados wangsulan ingkang ampuh tumrap sadhengah masalah kita. Menawi sampun kulina lampah tresna mboten badhe dados beban, ananging dados pakulinan ingkang sae, bab ingkang limrah ing gesang kita. Wah malih kanthi lampah tresna, kita kasebat para umatipun Gusti Yesus ingkang celak dhateng Kratoning Allah. Amin. [PKS].
“Lampah tresna iku ndadeake awak lan ati sehat.”