Waosan: Mikha 6 : 1 – 8 | Pamuji: KPJ. 198
Nats: “He manungsa, kowe wus kaparingan sumurup apa kang becik lan apa pepundhutane Pangeran Yehuwah marang kowe: kajaba mung tumindak adil lan tresna marang laku setya, apa maneh andhap asor ana ing ngarsane Allahmu!” (Ayat 8).
“Aja dipindah saluran TV ne Le…, awakmu ben ngerti carane sembayang dulurmu Muslim lan Hindu.” Tembung pitutur punika tansah dipun emut dening salah satunggal pemuda ingkang kapiji dados “Duta Perdamaian” asal Jawa Timur. Nyatanipun pitutur ingkang katampi nalika alit, taksih bocah migunani tumrap gesangipun samangke. Pemuda punika prigel lan mboten “alergi” dhumateng tiyang sanes ingkang benten agaminipun nalika sesrawungan, sampun kulina lan nyatunggil ing kegiatan sosial ugi kegiatan kemanusiaan. Punika inggih karana pitutur lan tuladha gesang saking tiyang sepuhipun supados nglampahi gesang lan nindakaken tata laku bener, pener, cocok, mbangun watak andhap asor, mboten rumaos paling leres, paling sae, lan paling “berjasa”.
Ing antawis kita mbok bilih mboten kesupen tumrap prastawa bom bunuh diri rikala tanggal 28 Maret 2021 ing Makasar, Sulawesi Selatan. Pelaku teror punika mbok menawi sampun “dicekoki” (Ind. = dijejali) piwulang ingkang mblasar, ingkang nglairaken panalaran ingkang cupet. Cilakanipun saben tiyang ingkang mboten sarujuk, mboten sami pangaken lan kayakinanipun kaanggep mengsah ingkang wajib kasirnakaken. Wusananipun nglairaken watak ambeg angkara murka lan nemahi karisakan.
Pepenget kangge kita sami, mumpung taksih kaparingan wekdal lan wewengan (Ind. = kesempatan), sumangga pangandikanipun Gusti lumantar kitab Mikha 6:8 kita lairaken, kita wujudaken ing gesang kita pribadi, brayat, pasamuwan, lan gesang ing satengahipun masyarakat, inggih punika nindakaken gesang nyondongi lan netepi pangandikanipun Gusti kanthi tumemen ingkang ambekta katentreman. Anjawi saking punika, bangsa lan negeri samangke saweg kinarubut ing kaprihatosan. Pagebluk Covid-19 dereng rampung, kasusul peristiwa bom bunuh diri, taksih dipun tambahi swasana intoleran, korupsi, lan narkoba. Lumantar tema bulan Budaya: “Melestarikan Hidup dengan Budaya Toleransi dan Saling Berbagi”, pangajeng-ajengipun kita sedaya minangka warga GKJW sumadya ngupadi lan nindakaken gesang cunduk kaliyan pangandikanipun Gus ti. Amin. [japri].
“Dhuh Roh Suci, mugi kawula kaparingan kekiyatan nglampahi gesang kanthi bener, pener, lan cocok.”