Tugas Khusus Renungan Harian 3 November 2020

3 November 2020

Waosan : Lelakone Para Rasul 13 : 1 – 12 | Pamuji : KPJ. 445
Nats:
“… Barnabas lan Saulus padha pijinen, supaya padha nglakoni ayahan, kang wus Suntemtokake tumrap sakarone” (Ay. 2b).

Ing greja kita GKJW wonten mawarni-warni peladosan. Wonten 5 bidang peladosan: Teologi, Persekutuan, Pelayanan Cinta Kasih, Kesaksian lan Penatalayanan. Para peladosipun mliginipun para pendhita ugi ngayahi timbalan ingkang maneka warni, boten namung lelados ing pasamuwan, ananging ugi wonten para pendhita tugas khusus. Ingkang kalebet tugas khusus antawisipun: study lanjut, dosen, pendhita Rumah Sakit (RS), saha utusan dhateng UEM. Para pandhita ingkang kapiji ngayahi tugas khusus punika tamtu para priyantun ingkang mumpuni ing bidang ingkang katuju. Umpaminipun ingkang study lanjut kedahipun kagungan nilai akademis sae, pandhita RS kedah kagungan sertifikat konselor, lsp.

Ing satengahing pasamuwan wiwitan, pranyata wonten piyantun-piyantun ingkang kapiji ngayahi tugas khusus: martosaken Injil ing njawinipun Israel. Sanadyan anggenipun martosaken Injil dipun lampahi ing sinagoge lan dhateng tiyang ingkang mangertos agami Yahudi, nanging tiyang-tiyang punika ugi ngugemi sihir lan wonten ingkang dados nabi palsu. Tantanganipun ageng dan boten gampil. Ingkang menarik ing nats kita kala wau kaserat asma Saulus, sanes Paulus. Tamtu wonten suraosipun! Menawi kita mireng Paulus tamtu emut rasul ingkang tatag tanggon, menawi Saulus? Tamtu kosok wangsulipun, awit Saulus punika penggedhening Yahudi ingkang pinter nanging nguya-uya pandhereking Gusti. Menawi kita waos ing parikop saderengipun, saged kita panggihi bilih Saulus, sanadyan sampun mratobat, katampik dening tiyang Yahudi lan dereng saged katampi sawetahipun dening para pandhereking Gusti Yesus.

Tugas khusus tamtu mbetahaken piyantun khusus. Pandhita tugas khusus GKJW contonipun, tamtu mumpuni ing bidangipun. Nanging, Saulus kadosipun radi benten. Gusti Allah piyambak ingkang miji piyambakipun, sanadyan taksih dipun cap awon dening tiyang sanes, taksih ‘dicurigai’, lan ugi ‘diragukan’ peladosanipun. Nanging Saulus saged paring bukti saha ‘mempertanggungjawabkan’ timbalanipun srana ngayahi sedaya pangutusanipun kanthi tuntas. Saking pengalaman Saulus, swawi kita nyinau, Gusti boten nate salah miji utusanipun. Panjenganipun tansah paring margi tumrap para utusanipun. Mila, punapa panjenengan sagah bilih sawanci-wanci Gusti maringi ‘tugas khusus’ dhateng panjenengan? Amin. (WE)

 “Ing saben timbalaning Gusti, wonten Sih Ramating Gusti ingkang nganthi” – Rm. MJL –

Renungan Harian

Renungan Harian Anak