Waosan : Yesaya 5 : 1 – 7 | Pamuji : KPJ. 70 : 1, 2
Nats: “Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?” (Ayat 4b)
Sabin lan pategilan tumrapipun pak tani menika minangka sumbering pigesangan. Tetaneman ingkang dipun tanem wonten ing ngriku tansah dipun ajeng-ajeng uwohipun. Sabin lan pategilan dipun olah, tetaneman dipun openi kanthi sae: dipun paculi, dipun sirami, dipun rabuk supados saged tuwuh subur lan ngasilaken panenan ingkang kathah. Tamtu boten sekedhik wragad utawi biaya dalah tenaga ingkang dipun korbanaken damel ngopeni tetanemanipun. Lah kados pundi raosing manah pak tani manawi taneman ingkang dipun ajeng-ajeng saged ngedalaken woh ingkang kathah tur sae pranyata namung ngedalaken woh ingkang sekedhik tur awon. Mesthi kemawon pak tani rumaos kuciwa sanget amargi undhuh-undhuhanipun boten cundhuk kaliyan pangajeng-ajengipun.
Waosan kita nyariosaken pasemon bab pakebonan anggur. Pakebonan anggur menika gegambaranipun umat Israel lan Yehuda, dene ingkang kagungan pakebonan Gusti Allah piyambak. Boten kirang-kirang Gusti Allah anggenipun nandukaken sih katresnan lan paring kawigatosan dhateng umat kagunganipun, prasasat taneman: dipun paculi, sela-selanipun dipun bucali, wiji ingkang katanem wiji pilihan, dipun adegi panggung pajagan. Karsanipun Gusti, pakebonan anggur menika medalaken woh ingkang sae : kaadilan lan kaleresan. Nanging pranyata ingkang medal woh anggur ingkang kecut : tindak ambek siya lan kaonaran. Saiba kuciwa manahipun Gusti Allah mirsani kawontenan ingkang kados makaten. Pramila Gusti Allah lajeng duka lan ngumbar pakebonan menika, boten paring pangrimatan lan berkah. (ayat 6).
Kita sadaya para umat kagunganipun Gusti menika ugi minangka pakebonan angguripun. Gusti sampun mbabaraken sih katresnan saha ngluberaken berkah ingkang kathah sanget dhateng kita. Menapa malih Gusti ugi sampun paring kawilujengan langgeng dhateng kita lumantar pananggelipun Gusti Yesus Kristus. Kadosdene pangajeng-ajengipun dhateng umat Israel, tumrap kita, Gusti Allah ugi ngersakaken supados gesang kita ngedalaken woh ingkang sae. Woh ingkang sae menika Menapa? Woh ingkang sae menika: mujudaken kaadilan, kaleresan dhateng sadaya titah lan pangucap sokur dhateng Gusti. Ing wulan Undhuh-Undhuh menika swawi kita sami saos sokur wonten ngarsanipun Gusti kalayan bekta lan ngaturaken woh-wohaning gesang ingkang sae supados ndadosaken keparenging Gusti. (esje)
“Saben wit katitik saking wohipun”