Waosan: Rum 4 : 6 – 13 | Pamuji: KPJ. 59
Nats: “Rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.” (Ayat 8)
Kathah manungsa ingkang sombong wonten ing donya. Manungsa asring tumindak awon wonten ing donya. Lajeng manungsa nggadah pemanggih bilih sadaya prekawis ingkang awon ingkang sampun dipun lampahi saged dipun tutupi kanthi nindakaken prekawis ingkang becik. Kados-kados manungsa saged nebus dosanipun piyambak. Kathah manungsa supe bilih kawilujengan punika awit saking sih rahmatipun Gusti Allah sanes saking sadaya kabecikanipun manungsa.
Kados dene piwucalipun rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Rum. Rasul Paulus ngengetaken bab kawilujengan lan sih pangapuntening dosa ingkang dipun tampi dening manungsa, punika sanes krana tumindak becikipun manungsa. Sadaya punika kelampahan krana sih rahmatipun Gusti Allah ingkang nresnani manungsa lumantar seda lan wungunipun Sang Kristus ing kajeng salib. Sadaya titah saged nampi pangapunten dosa bilih Gusti ngersakaken, sanes krana pambudidayanipun manungsa piyambak. Rasul Paulus paring piwucal ingkang mekaten supados para tiyang Kristen Yahudi mboten rumaos langkung inggil tinimbang sanesipun, ugi supados nggadhah sikep andap asor. Langkung-langkung para tiyang Kristen Yahudi punika saged sadar bilih sadaya pangluwaran dosa punika namung karana Gusti Allah lumantar Gusti Yesus Kristus.
Sampun ngantos kita kados tiyang Yahudi enggal ing wanci samangke, awit kita nggadhah pamanggih sikep awon lan dosa saged dipun tutupi kanthi tumindak ingkang becik. Lumantar pepengetipun Rasul Paulus, kedahipun kita mangertos bilih pangapunten dosa punika namung saking Gusti Allah lumantar Sang Kristus. Tumindak becik ingkang kita tindakaken punika dados wujuding saos sokur kita dhumateng Gusti, awit kita sampun dipun tebus saking sakathahing dosa kita. Sampun ngantos klintu, kita tumindak becik punika sanes kangge nutupi tumindak awon kita, nanging tumindak becik punika wujuding saos sokur kita ing ngarsanipun Gusti ingkang ngapunten dosa-dosa kita. Amin. [roge].
”Tumindak becik sarana saos sokur.”