Patunggilan Kang Santosa Pancaran Air Hidup 3 Maret 2025

3 March 2025

Waosan: Pangentasan 35 : 1 – 29  |  Pamuji: KPJ. 352
Nats: “Sakehing wong lanang lan wadon kang legawa atine padha nguruni kanggo sabarang gegawean kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa supaya digarap wong-wong iku, …” (Ayat 29a)

Kita nglampahi gesang ing alam donya punika nemahi mawarni-warni tiyang ingkang benten setunggal lan sanesipun. Wonten ing kahanan ingkang makaten, kita kedhah saged gesang sesarengan kanthi tentrem lan ngupadi pigesangan punika manggihi karaharjan. Nanging ing kasunyatanipun, kathah tantangan ingkang dipun adhepi wonten ing satengahing gesang sesarengan punika. Asring benten pendapat lan benten pikajeng ndadosaken crah ing satengahing gesang patunggilan. Pramila dipun betahaken satunggal dhasar ingkang saged ngraketaken patunggilan temah saged santosa.

Ing satengahing bangsa Israel lumampah dhateng tanah Kanaan, bangsa punika mbetahaken papan kagem nyembah Gusti Allah ingkang sampun ngluwari bangsa Israel saking Mesir. Waosan kita punika nyariosaken nalika bangsa Israel kapimpin dening Nabi Musa saweg mbangun Tarub Pasewakan. Sadaya sami mujudaken raos tresnanipun dhumateng Gusti kanthi peparing sadaya ingkang dipun betahaken kagem pambangunaning Tarub punika. Kita mirsani sae ingkang kakung lan putri sami ngupadi punapa ingkang saged dipun lampahi kagem paring pambiyantu dhateng pambangunan Tarub kalawau. Sadaya punika dipun lampahi kanthi legawaning manah awit raos tresnanipun dhumateng Gusti Allah. Raos tresna dhumateng Gusti Allah punika ingkang saged mujudaken gesang patunggilan ingkang santosa.

Wonten ing gesang kita samangke, tamtunipun kathah tantangan ingkang kita adhepi anggenipun kita ngupadi mbangun gesang patunggilan ingkang santosa lan endah punika. Ananging sumangga sami nuwuhaken raos tresna kita dhumateng Gusti kadosdene bangsa Israel nalika mbangun Tarub punika. Raos tresna punika ingkang paring kasabaran lan kasagedan dhateng kita wonten ing satengahing tantangan anggen kita ngupadi gesang patunggilan ingkang santosa. Lumantar pigesangan patunggilan ingkang adedhasar raos tresna dhumateng Gusti, kita saged mbangun gesang ingkang endah, ing pundi sadaya tiyang sami ngupadi katentreman lan kasantosan saged kawujud ing gesang sesarengan. Srana punika kamulyanipun Gusti saged kababar lumantar gesang patunggilan ingkang santosa. Amin. [RES].

“Santosaning gesang patunggilan awit saka katresnan.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak