Waosan: Yokanan 2 : 13 – 22 | Pamuji: KPJ. 43
Nats: “Gusti Yesus mangsuli pangandikane: Padaleman Suci iki bubrahen, sajroning telung dina bakal Dakadegake maneh.” (Ayat 19)
Tumrapipun bangsa Israel Padaleman Suci punika mboten namung dipun anggep kadosdene wewangunan limrahipun nanging dipun anggep minangka papan panggenan ingkang sinengker lan kinurmat awit dipun pitados bilih Gusti Allah punika dedalem wonten ing Padaleman Suci punika. Pramila saking punika kawontenaning Padaleman Suci ing Yerusalem tansah dipun pundhi-pundhi lan dipun uri-uri. Prasasat mboten dipun keparengaken manawi wonten sadhengah tiyang ingkang gepok-senggol utawi ganggu-damel dhateng papan panggenan punika. Manawi wonten tiyang ingkang wantun gepok-senggol utawi ganggu-damel dhateng Padaleman Suci mesthi badhe dipun alang-alangi dening bangsa Israel kanthi cara punapa kemawon. Pramila, saiba getem-getemipun raosing manahipun bangsa Israel nalika Gusti Yesus dhawuh supados Padaleman Suci punika dipun bibrah lan salebeting tigang dinten badhe dipun adegaken malih.
Gusti Yesus mboten ngersakaken getem-geteming bangsa Israel nanging Gusti Yesus ngersakaken mbabar jatining Padaleman Suci. Bilih Padaleman Suci ingkang dipun pundhi-pundhi dening bangsa Israel punika yektosipun namung wujuding gegambaran. Dene Padaleman Suci ingkang sejatos utawi Jatining Padaleman Suci punika mboten sanes inggih Sariranipun Gusti Yesus piyambak. Panjenenganipun punika wujuding Gusti Allah ingkang manjalma wonten ing jagad, ingkang kedah dipun sembah lan dipun pundhi-pundhi. Panjenenganipun ingkang seda sinalib, dipun sarekaken, lan ing tigang dintenipun wungu malih. Dados Padaleman Suci ingkang sejatos punika sanes awujud wewangunan papan panggenan nanging awujud Gusti Yesus Kristus piyambak.
Kita punika dipun wastani Israel enggal, para umat kagunganipun Gusti Allah ing jaman samangke, sumangga sami sungkem manembah kanthi gumolonging manah dhateng Padaleman Suci. Sanes dhateng Padaleman Suci tata cara lair kadosdene ingkang dipun pundhi dening bangsa Israel ing jaman Prajanjian Lami, nanging Padaleman Suci Prajanjian Enggal inggih punika manembah dhateng Gusti Yesus Kristus panjalmaning Gusti Allah. Kados ingkang kasebataken ing Injil Yokanan 4:21, 23 bilih badhe dumugi wekdalipun anggen kita sujud dhateng Gusti Allah mboten wonten ing redi utawi ing kitha Yerusalem, nanging sujud ingkang sejati punika dhateng Sang Rama salebeting Roh lan kayektosan. Amin. [esje].
“Gusti Yesus Kristus punika jatining Padaleman Suci ingkang sejatos.”