Nyelaka Marang Gusti Renungan Harian 3 Maret 2020

3 March 2020

Waosan :  Ibrani 4 : 14 – 5 : 10 | Pujian  :  KPJ. 161 : 1, 2
Nats: “Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.” (Ibr 4:16)

Ningali judul renungan menika sampun ngantos kagungan pemanggih ingkang klentu. Awit saged kemawon kita kagungan pemanggih, tidak mengakui Tuhan, ananging maksud judul menika nyelak, mendekatlah dateng Gusti. Awit mboten saben tiyang wantun lan purun nyelak dateng Gusti. Menapa maleh yen dipun kantheni tembung, ”Aku wong kang kebak ing dosa. Yen kathah dosanipun, ora pantes yen aku celak kaliyan Gusti.” Pungkasanipun asring kathah tiyang malah nebihi Gusti.

Waosan wegdal menika, ngemutaken dateng kita para panderekipun Gusti, supados sowan, nyelak dateng Gusti. Mboten namung sowan lan nyelak, nanging ugi wantun, nggadahi kapitadosan yen wantun nyelak dateng  Gusti tamtunipun Gusti Allah kersa nampi kawontenan gesang kita. Awit kita dipun timbali lan dipun ajak sowan wonten dhamparing sih rahmat. Tamtu kita badhe pikantuk sih palimirma saha sih rahmatipun Gusti  ingkang saestu tulungi kita.

Kenging menapa kita kedah sowan kanthi kendel dumateng Gusti Yesus? Awit namung Panjenenganipun kemawon ingkang dados Imam Agung. Imam ingkang dados lantaraning kawilujengan kita. Namung Gusti Yesus ingkang dados Juru Wilujeng sejatos, menika kapitadosan kita. Pramila yen kita sampun pitados dateng Gusti Yesus, sumangga kapitadosan menika tansah kita antepi. Wonten ungkapan / pernyataan ing bahasa Indonesia ingkang mekaten: Naik itu ke atas, turun itu ke bawah, masuk itu ke dalam, keluar itu ke …? Ewet utawi angel wangsulan kita. Yen kita mangsuli keluar itu ke jaba, nggih mboten gathuk, yen mangsuli keluar itu keluar, nggih mboten sekeca. Pramila yen sampun pitados lan gesang sesarengan kaliyan Gusti Yesus, mangga tansah dipun antepi, kanthi kendel sowan umarek dateng Gusti Yesus, Gusti tamtu nampi lan paring kawilujengan dumateng gesang kita sedaya. Amin. (AW).

“Margining kawilujengan namung wonten ing Gusti Yesus”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak