Aja Nggrundel Wae! Pancaran Air Hidup 3 Juni 2024

3 June 2024

Waosan: Pangentasan 16 : 13 – 26  |  Pamuji: KPJ. 123 : 1, 2
Nats: “Iya iki roti peparinge Pangeran Yehuwah minangka panganmu.” (Ayat 15)

Asring kita punika nggrundel nanggepi kawontenan gesang ingkang kita tampi ing gesang saben dinten. Kita asring nggrundel nalika angsal nomer antrian ageng, nggrundel nalika mboten saged tumbas barang ingkang kita pingini, nggrundel ningali kawonten tiyang sanes ingkang langkung sae, lsp. Raos nggrundel punika wonten nalika kita mboten saged nampi kawontenan ingkang benten kaliyan punapa ingkang kita pingini, lajeng kita nyalahaken tiyang sanes utawi kawontenan. Pakulinan nggrundel punika dadosaken tiyang gampang emosian, mboten saged ngendhaleni dhiri, ewet kangge nindhakaken punapa ingkang sampun dados ayahanipun kanthi sae.

Medalipun bangsa Israel saking tanah pangawulan Mesir punika prastawa ingkang ageng awit Gusti Allah sampun netepi prasetyanipun tumrap para leluhur bangsa Israel. Nalika lumampah wonten ing ara-ara samun Sin ing antawisipun Elim lan Gunung Sinai, bangsa Israel kekirangan tetedhan. Punika ingkang njalari bangsa Israel nggrundel dhateng Nabi Musa lan Harun. Bangsa Israel mbandingaken kawontenanipun samangke kaliyan nalika taksih wonten ing Mesir. Nggrundelipun bangsa Israel sejatosipun ugi katujuaken dhumateng Gusti Allah awit bangsa Israel sampun mboten pitados malih dhateng pangrimatipun Gusti Allah. Nanging Gusti Allah punika Gusti ingkang Maha Tresna. Lumantar Nabi Musa, Gusti Allah paring dhawuh bilih Panjenenganipun badhe nyekapi kabetahan tetedhan bangsa Israel kanthi maringi manuk gemak ing wanci sonten lan roti saking langit ing wanci enjing. Sedaya umat kasuwun mendet tetedhan sak cekapipun miturut kabetahan brayatipun piyambak-piyambak (Ay. 16). Punika cara Gusti Allah kangge ndidik umat kagunganipun supados mboten murko utawi srakah.

Gesang menawi sampun dipun kuwaosi raos sumelang pancen saged dadosaken kita mboten pitados malih kaliyan pangrimatipun Gusti Allah. Gusti Yesus piyambak ugi sampun paring piwulang dhateng kita: “Kawula mugi kaparingan rejeki kawula sacekapipun ing dinten punika” (Mat.  6:11). Pandonga punika nedhaken bilih kita umat kagunganipun Gusti mboten prelu sumelang bab kabetahan gesang lan kawontenan gesang kita, awit sedaya punika wonten ing pangrimatipun Gusti Allah. Samangke tinimbang gesang kita dipun isi kaliyan sikep nggrundel, langkung prayogi menawi gesang punika kita lampahi kanthi manah ingkang kebak saos syukur. Awit raos syukur punika ingkang dados daya kangge kita saged nindakaken paseksi lan peladosan ing gesang saben dinten. Amin. [M@ul].

“Urip ana seng nguripi, ora prelu sumelang ati.”

Renungan Harian

Renungan Harian Anak