Waosan: Jabur 8 : 1 – 10 ǀ Pamuji: KPJ. 159
Nats: “… sarta Paduka makuthani kalayan kaluhuran saha kamulyan.” (Ayat 6)
Dinten punika kita gesang ing mangsa pengetan Pentakosta lan mapag pengetan Minggu Tritunggal. Sadaya nyariosaken pakaryanipun Gusti Allah kangge kasaenanipun manungsa. Manawi kita emut, wiwit ing wiwitan kawontenanipun manungsa sampun kayasa sae. Nanging awit saking polah tingkahipun manungsa ingkang boten manut dawuhipun Gusti lajeng nuwuhaken dredah. Polah punika sumrambah dhateng titah sanesipun. Pancen, manungsa punika dados paraga penting kangge kasaenanipun gesang alam donya. Miturut seratanipun Jabur punika, manungsa punika luhur lan mulya (Ay. 6) lan dipun luhuraken dening Gusti Allah ingkang sampun yasa prekawis ageng (Ay. 4). Ateges manungsa kagungan martabat inggil sesambetan kaliyan tanggel jawab ingkang kedah dipun ayahi. Lajeng kados pundi lampahipun manungsa ingkang mengku yeyasaning asta-Nipun Allah? (Ay.7) lan minangka panguwaos dhateng titah supados tansah sae ?
Buku Branding Tempat (Rahmat Yananda, Ummi Salamah (ed), Makna Informasi, 2014) saged mitulungi kita. Buku punika nyerat pambudidaya nuwuhaken prekawis babagan kutha ingkang sae, resik, lan nengsemaken kangge warga kutha lan sadaya ingkang rawuh ing kutha punika. Tamtu kedahipun kasaenan punika sageda lestari. Wonten kaca 218 ingkang ngrembag perangan identitas, komunikasi, lan citra kota, kaserat, “Warga kota yang hangat dan menggairahkan menjadi daya tarik tersendiri. Kota yang dianggap lebih hangat dan merangsang kegairahan beraktivitas akan mendapatkan persepsi positif.” Nyata bilih manungsa punika dados paraga ingkang utami kangge kahanan kutha ingkang sae. Nanging ugi saged karaosaken lan boten diselaki, bilih manungsa punika nggadhah rasa sarta pangrasa ingkang saged gumantung ing kahanan lan kawontenan maneka warni ing sakiwa tengenipun saben wekdal. Ateges manungsa kedahipun kanthi lumintu lan ajeg nuwuhaken raos sadar babagan tanggel jawab ingkang kedah dipun lampahi. Boten lajeng kesupen lan sapikajengipun piyambak.
Roh Suci punika ingkang mitulungi kita supados tansah emut ing tanggel jawab. Lumantar pakaryan pangluwaran saking dosa lan peparinging Roh Suci, sageda dadosaken kita nglampahi gesang kanthi sae. Roh Suci tansah makarya ing gesang kita, kangge mujudaken gesang ingkang suci sarta ngluhuraken Allah kanthi ajeg lan lumintu. Amin. [WdK].
“Lan kabeh wus prayoga linuwih” (Purwaning Dumadi 1:31)