Waosan: Yesaya 44 : 1 – 4 | Pamuji: KPJ. 141
Nats: “Sabab ingsung bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak lan udan deres ing panggonan kang garing. Ingsun bakal ngesokake RohingSun ing sirahe turunira, lan berkahingSun marang anak-putunira.” (Ayat 3).
Peru punika dados negari ingkang mboten nate jawah. Kutha Lima, minangka ibukota Peru punika kasebat No Rain City. Kutha punika mboten wonten wanganipun. Warga masyarakatipun ugi mboten nate mundhut payung. Lan jawah minangka prakawis ingkang dados pengajeng-ajengipun warga masyarakat ing Peru. Punapa kinten-kinten panjenengan kraos manggen ing negari Peru punika? Kangge kita masyarakat Indonesia, wontenipun jawah dados pengajeng-ajeng kita sami, langkung-langkung kangge para among tani. Awit menawi mboten wonten jawah, tanemanipun saged sami garing lan mati.
Ing waosan kita dinten punika, jawah punika dados gambaran, kados pundhi bangsa Israel dipun pulihaken malih. Ing ayat 3 dipun serat mekaten: “Sabab Ingsung bakal ngesokake … udan deres ing panggonan kang garing.” Saking ayat punika kita saged mangertosi kados pundi kawontenanipun bangsa Israel ingkang saweg ngadepi momotan ingkang awrat, lan selajengipun Gusti Allah kersa mulihaken malih. Rikala ing pambuwangan, gesang wonten ing satengahing bangsa ingkang mboten tepang kaliyan Gusti Allah, bangsa Israel nggadahi raos ajrih lan mboten jejeg ing iman. Saestu, kala semanten momotan ingkang awrat kasanggi dening bangsa Israel. Ing kawontenan ingkang kados mekaten punika, Gusti Allah mujudaken pakaryan ingkang endah sanget. Gusti Allah kersa mulihaken malih lan nyegeraken iman kapitadosanipun bangsa Israel. Kados siti garing ingkang pikantuk jawah. Seger….!
Mekaten ugi tumraping gesang kita, Gusti Allah kersa paring pemulihan dhateng sadaya umat kagunganipun. Kita ingkang saweg ngadepi momotaning gesang ingkang awrat, Gusti Allah tamtu peduli. Gusti Allah lumantar Sang Roh Suci makarya lan nunggil lampah gesang kita. Karana punika, sumangga kita nglampahi gesang kanthi semangat, sampun ngantos kita semplah lan kecalan pangajeng-ajeng awit Gusti mboten negakaken kita kados siti garing tanpa jawah. Roh Suci tansah mberkahi lan ngayomi gesang kita. Amin. [SWT].
“Tuwan kang maringi jawah kang nyegeraken ing manah.”