Waosan: Rum 7 : 13 – 26 | Pamuji: KPJ. 159
Nats: “Wong cilaka aku iki! Sapa kang bakal ngluwari aku …? Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga dening Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.” (Ayat 24 – 25)
Panjenengan punapa nate ngraosaken manah ingkang mboten sekeca, karana punapa ingkang dados penggalih lan pengangen-angenipun bab dhiri pribadi benten kaliyan ingkang dipun lampahi dhiri pribadi? “Kudune aku mlaku ngulon. Nanging kok aku malah mlaku ngalor ya?” Mbok menawi nate dados pitakenan dhumateng dhiri pribadi. Kita mangertos bilih minangka kagunganipun Gusti punika kedah nindakaken bab ingkang sae, leres lan migunani, nanging ing satengahipun gesang punika, kadhang kita malah nindakaken bab ingkang awon, lepat, lan tanpa guna.
Lumantar waosan dinten punika Rasul Paulus ngengetaken perjuangan iman Kristen saben dinten kedah ngadhepi bab punika. “Aku iki Kristen, tapi kok angel urip ngristeni.” Pramila, miturut Paulus, kita mboten saged nglampahi gesang Kristen kanthi kakiyatan dhiri pribadi. Saestu mboten saged. Kita kedah gondhelan Gusti Yesus ingkang paring panganthi lan pitulungan. Umat Kristen ing Rum punika sampun kaparingan kawilujengan lan gesang enggal ing Sang Kristus, nanging gesangipun mboten konsisten kaliyan kayektening Injil, mboten sadhar bilih gesangipun punika sampun kaenggalaken dening Gusti murih saged nindakaken bab ingkang sayekti. Saestu, tanpa Gusti Yesus, sejatosipun kita punika gampil kabereg ing tumindak dosa. Pangakenipun rasul Paulus, “Aku iki pancen wong kang cilaka! Sapa kang bakal ngluwari aku saka badan rèh-rèhané pati iki? Puji sokur marang Allah, lantaran Yésus Kristus, Gusti kita.”
Pramila, kita ingkang sampun kawengku ing katresnanipun Gusti lan nampeni gesang enggal punika, katimbalan nggadhahi penggalih ingkang lantip. Sedaya punika sumberipun saking sesambetan kita kaliyan Sang Kristus ingkang paring kasagedan mbentenaken pundi tumindak ingkang saestu sae lan awon. Sumangga, ing Pekan Anak punika, kita para dewasa saestu sesambetan lan gondhelan Gusti supados kanthi penggalih ingkang lantip, kita saged konsisten ngupadi kayekten. Senaosa minangka manungsa asring kagodha nglampahi dosa, nanging minangka kagunganipun Gusti kita badhe saged nglangkungi lan menang. Bab tumindak becik lan yekti, anak-anak mboten cekap namung dipun tuturi, nanging ingkang wigati kedah dipun paringi tuladha ingkang nyata saben dinten lan saben wekdal. Amin. [KRW].
“Urip iki kebak godha, penggalih kang lantip iku kang bakal njaga.”