Waosan: Lukas 8 : 16 – 21 | Pamuji: KPJ. 395
Nats: “Sabab ora ana barang kasidhem, kang ora bakal kasumurupan, ora ana wadi, kang ora bakal kaweruhan temahan kawiyak.” (Ayat 17)
Nalika warsa enggal, kathah desa-desa Kristen ing GKJW ingkang mahargya riyadin warsa enggal. Ing satengahing tradisi ingkang dipun ugemi punika, para warga pasamuwan sami sowan dhateng para sepuh lan para sedherek ing desa punika. Mboten namung makaten, nanging asring ugi kathah sedherek ingkang benten agami, ing sakiwa tengenipun desa ugi sami rawuh ndherek ngugemi tradisi ingkang sampun dipun lampahi mataun-taun punika. Prelunipun sami apura-ingapura lan sami ngakeni lepat dhateng para sedherek, langkung-langkung dhateng tiyang sepuhipun. Tradisi punika ngenggalaken lampahing gesang ingkang sampun kebak kalepatan ing taun kepengker, lajeng dipun enggalaken wonten ing warsa enggal punika.
Wonten ing waosan kita dinten punika, kita mirsani Gusti Yesus dhawuh bilih pepadhang punika badhe madhangi sadaya ingkang kasidhem. Gusti Yesus paring pasemon bab diyan ingkang badhe madhangi samukawis ingkang wonten ing sakiwa tengenipun, temahan sadaya ingkang kasidhem mboten wonten ingkang luput saking pepadhang punika. Pepadhang ingkang kasebat Gusti Yesus inggih punika Pangandikanipun Allah ingkang kedhah dipun gatosaken dening para tiyang ingkang sami mirengaken. Pramila Gusti Yesus paring dhawuh bilih ibu lan para sedherekipun punika tiyang ingkang sami mirengaken lan migatosaken Pangandikanipun Allah sarta nglampahi wonten ing pigesanganipun.
Pangandikanipun Allah ingkang dados pepadhang punika sampun kita tampi. Pramila kados dene tradisi warsa enggal ingkang nggadhahi pamanggih bilih kita kedhah ngakeni sadaya kalepatan temah kita saged nglampahi gesang enggal ing warsa enggal punika, sumangga kita sami ngakeni sadaya kalepatan lan kekirangan kita wonten ing ngarsanipun Gusti. Awit mboten wonten samukawis ingkang kasidhem selaminipun, sadaya bakal kawiyak ing ngarsanipun Gusti. Pramila, miwiti gesang ing warsa enggal punika, mangga kita sami ngakeni kalepatan kita, temah kita saged nampi gesang enggal wonten ing warsa enggal 2025 punika. Mangga sami kita pasrahaken sadaya lampah gesang kita ing warsa 2025 punika wonten ing pangrehipun Gusti Allah Sang Sumbering Pepadhang. Amin. [RES].
“Nampi gesang enggal ing warsa ingkang enggal.”