Waosan : Yokanan 1 : 10 – 18 | Pamuji : KPJ. 78 : 1, 3
Nats: “Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.”(Ay. 11)
Nate wonten lelampahan nyleneh ingkang viral ing youtube. Wonten tiyang jaler ingkang ngrubuhaken griyanipun piyambak mawi bulldozer, kamangka griya punika taksih enggal dereng dangu anggenipun ngadegaken. Jalaranipun, tiyang jaler punika muntab amargi sawangsulipun saking nyambut damel ing njawi rangkah minangka TKI, manggihi semahipun nggadhahi PIL (Pria Idaman Lain). Piyambakipun gela sanget dene punapa semah ingkang dipun tresnani lan sampun dipun belani rekaos nyambut damel tebih boten kempal brayat wusana nalika wangsul malah dipun tampik. Boten wonten ingkang dipun untungaken ing kadadosan punika, kekalihipun sami-sami kapitunan. Cobi saumpami semahipun purun nampeni kakungipun, mesthi cariosipun dados benten, kekalihipun saged sami gesang sesarengan kanthi kebak kabingahan.
Nalika Gusti Yesus rawuh tumedhak ing jagad pranyata para manungsa ugi sami nampik boten purun nampeni. Kamangka sadaya manungsa ing jagad punika minangka kagunganipun. Kadospundi kinten-kinten raosing manahipun Gusti Yesus? Tamtu sakit lan sedhih sanget boten saged kagambaraken. Nanging ingkang ngalami kapitunan sejatosipun inggih manungsa punika piyambak. Gusti Yesus punika Juru Wilujeng, pramila manawi manungsa boten purun nampeni Panjenenganipun mesthi badhe kecalan kawilujengan. Begja tumrap para tiyang ingkang purun nampeni rawuhipun Gusti Yesus. Sinten kemawon ingkang purun nampeni Panjenenganipun dipun paringi wewenang dados para putranipun Allah, inggih punika ingkang sami pitados dhateng asmanipun (ayat 12).
Kitab Suci sampun nyebataken bilih manungsa ing jagad punika sami boten purun nampeni rawuhipun Gusti Yesus pramila boten sisah gumun manawi kathah tiyang ingkang boten pitados dhateng Panjenenganipun. Kosok wangsulipun, ugi boten sisah rumaos alit ing manah manawi kita minangka para tiyang pitados punika kados-kados dados tiyang manjila utawi kapencil. Amargi yektosipun kita para pitados punika dados tiyang ingkang begja dene dipun keparengaken dening Gusti saged nampeni Panjenenganipun dados Juru Wilujeng kita. Swasana Natal ingkang nembe kemawon kita pengeti mugi nuwuhaken piandel kita dhateng Gusti Yesus. (esje)
“Umum dereng tamtu leres, boten umum dereng tamtu lepat”