Waosan : Purwaning Dumadi 28 : 10 – 22 | Pamuji : KPJ. 452 : 1 – 4
Nats: “….. sarta marga saka sira lan turunira sakehe golongan ing bumi bakal padha kaberkahan.” (Ay. 14b)
Prajanjinipun Gusti Allah dhateng Abraham lan Iskak menika ugi kaparingaken dhateng Yakub. Minangka anak-turunipun Abraham, Yakub rumaos boten cekap bilih namung ngangge tenger utawi tandha prajanji kalawau, pramila Yakub ikhtiyar piyambak mbangun sesambetan sacara pribadi kaliyan Gusti Allah. Mekaten kedahipun tiyang pitados, klebet kita, kedah gadhah sesambetan sacara pribadi kaliyan Gusti Allah. Mboten cekap kangge kita yen namung mireng wontenipun pengalaman-pengalaman ingkang endah ingkang dipunalami dening para sedherek Kristen sanesipun. Kita perlu mbangun lan dados bageyan pengalaman kita piyambak ingkang endah. (Galati 3:6-7).
Betel menika mapan ing tlatah 10 mil (1 mil = 1,5 km) sisih leripun kitha Yerusalem, ing pundi Yakub nate ngaso lan ngimpi endah ingkang ndadosaken piyambakipun kesengsem sarta gadhah pamanggih bilih papan ngriku wingit, minangka padalemanipun Gusti Allah (Pur.Dum.28:10-22). Betel menika ugi dados papan ing pundi Abraham nyaosaken korban syukur ingkang kapisan kagem Gusti Allah, rikala piyambakipun mlebet ing negari prajanjian. Ing wiwitanipun, Betel minangka pusat ingkang penting tumraping pangabekti, ananging eman sebab ing wusananipun malah dados pusat pangabekti dateng brahala. Nabi Hosea ngipat-ipati (mengutuk) bab menika minangka pratingkah jahat.
Kados Yakub ingkang purun ngaturaken saos sokur lan punaginipun (kaul/nadar) dateng Gusti Allah, kita ugi saged nindakaken menika ing gesang kita. Kita tansah dadosaken Gusti Allah sumbering gesang kita, ingkang tansah kita sembah bekteni rinten dinten lan dalu. Mekaten bilih kita dipun berkahi Gusti, kita purun dados margining berkah kangge sesami. Kita purun nyarioskaken bab pakaryan lan panguwaosipun Gusti Allah dateng sesami kita. Sampun ngatos kita dados laknat karana tumindak kita ingkang awon, nanging kita kedah dados berkah ingkang mbangun katresnan lan pamuji sokur dateng Gusti Allah. Pramila, mangga kita sami lampahi gesang kita menika kanthi manah ingkang tansah tumuju dateng Gusti Allah, ingkang dados sumbering kawilujengan kita ingkang sejati. Amin. (Esha).
“Mbabarken tresna sejati, mrih jagad tentrem basuki”